Iran

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Républik Islam Iran
Islamic Republic of Iran
جمهوری اسلامی ايران
Jomhūrī-ye Eslāmī-ye Īrān
Gendéra Lambang nagara
Motto: Esteqlāl, āzādī, jomhūrī-ye eslāmī
(Pèrsi: "Kamardikan, Kabébasan, Républik Islam")
Antem: Sorūd-e Mellī-e Īrān
Kutha krajan
lan paling gedhé
Teheran
Basa resmi Pèrsi
Papréntahan Républik Islam
Révolusi
 •  Banyu (%) 0,7%
Cacah jiwa
 •  Rantaman 2005 68.017.860 (18)
 •  Cacah sirah - -
GDP  (PPP) Rantaman 2005
 •  Gunggung US$518,7 milyar (19)
 •  Per kapita US$7.594 (75)
Valuta Rial (IRR)
Zona wektu (UTC+3:30)
 •  Mangsa Panas (DST) ora ana (UTC+3:30)
Kodhé bèl 98
TLD Internèt .ir

Iran (utawa Pèrsi) (basa Pèrsi: ایران) iku nagara Wétan Tengah sing papané ing Asia kidul-kulon. Senadyan ing njero negri nagara iki wis ditepungi minangka Iran wiwit jaman kuna, tekan taun 1935 Iran isih diarani Pèrsi ing donya Kulon. Ing taun 1959, Mohammad Reza Shah Pahlavi ngetokaké wara-wara yèn kaloro istilah mau éntuk dipigunakaké. Jeneng Iran iku kognat tetembungan "Arya" sing ateges "Tanah Bangsa Arya".

Iran wewatesan karo Azerbaijan (500 km) lan Armenia (35 km) ing lor-kulon lan Laut Kaspia ing lor, Turkmenistan (1000 km) ing lor-wétan, Pakistan (909 km) lan Afganistan (936 km) ing wétan, Turki (500 km) lan Irak (1.458 km) ing kulan, lan perairan Lempongan Pèrsi lan Lempongan Oman ing kidul.

Ing taun 1979, sawijining Révolusi Iran sing dipimpin Ayatollah Khomeini ngedegaké sawijining Républik Islam teokratis saéngga jeneng jangkepé Iran saiki ya iku Républik Islam Iran (جمهوری اسلامی ایران).

Kutha krajan Iran ya iku Teheran. Nagara iki nduwé padunung kurang luwih 60 yuta jiwa lan jembaré ana ... km².

Pamérangan administrasi[besut | besut sumber]

wilyah-wewengkon Iran miturut nomor-nomor ing sisih kiri

Iran kapérang dadi telung puluh propinsi sing dipréntah sawijining gubernur (استاندار, ostāndār). Peta ing gambar ora nuduhaké propinsi Hormozgan, (#20 ing njeron dhaptar) sing arupa sawijining pulo:

1. Tehran
2. Qom
3. Markazi
4. Qazvin
5. Gīlān
6. Ardabil
7. Zanjan
8. Azarbaijan Wétan
9. Azarbaijan Kulon
10. Kurdistan
11. Hamadān
12. Kermanshah
13. Īlām
14. Lorestān
15. Khūzestān
16. Chaharmahal lan Bakhtiari
17. Kohgiluyeh lan Boyer-Ahmad
18. Bushehr
19. Fārs
20. Hormozgān
21. Sistan lan Baluchestan
22. Kermān
23. Yazd
24. Isfahan
25. Semnān
26. Māzandarān
27. Golestān
28. Khorasan Lor
29. Razavi Khorasan
30. Khorasan Kidul

Rujukan[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]


Nagari-nagari ing Wétan Tengah
Arab Saudi | Bahrain | Irak | Iran | Israel | Kuwait | Libanon | Mesir | Oman | Qatar | Suriah | Turki | Uni Emirat Arab | Yaman | Yordania


Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Iran&oldid=1055471"