Ruhollah Khomeini

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
(Dipunpindhah saking Ayatollah Khomeini)
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Ayatollah Ruhollah Musavi Khomeini
[[Image:
Ruhollah Khomeini
|225x250px|Ruhollah Khomeini]]

Mangsa jabatan
3 Desember 1979 – 3 Juni 1989
Perdhana Mentri Mohammad Ali Rajai
Mohammad-Javad Bahonar
Mohammad-Reza Mahdavi Kani (sauntara)
Mir-Hossein Mousavi
Pejabat sadurungé (Ora ana; jabatan pisanan)
Pengganti Ali Khamenei

Lair 24 September 1902
Khomein, Provinsi Markazi
Tilar donya 3 Juni 1989 (umur 86)
Teheran, Iran
Pasangan Khadijeh Saqafi Khomeini
Anak Ahmad, Mostafa lan liyané; putu: Hassan, Hussein, Ali Khomeini lan Ali, Zahra, Atefeh Eshraghi
Agama Usuli Twelver Shi'a Islam

Sayyid Ayatollah Ruhollah Khomeini (dipunlairaken ing Khomein, Provinsi Markazi, 24 September 1902 – surut ing Teheran, Iran, 3 Juni 1989 kanthi umur 86 taun) iku tokoh Révolusi Iran lan arupa Pamimpin Agung Iran pisanan. Lair ing Khomeyn, Iran. Panjenengané sinau teologi ing Arak lan banjur ing kutha suci Qom, ing ngendi panjenengané njupuk papan manggon netep lan wiwit mbangun dhasar pulitik kanggo nglawan keluwarga karajan Iran, khususé Shah Mohammed Reza Pahlavi. Uji utama pisanané – lan rasa pulitik pisanan sing sabeneré – teka taun 1962 nalika pamaréntahan Shah kasil antuk RUU sing ngesokaké sapérangan kakuwasaan marang dhéwan provinsi lan kutha. Sapérangan pengikut Islam kabotan marang perwakilan sing lagi dipilih lan ora diwajibaké sumpah marang al-Qur'an nanging ing saben tèks suci sing dipilih. Khomeini migunakaké kanepson iki lan ngatur pamogokan ing saindhenging negara sing njalari panolakan marang RUU iku.

Khomeini migunakaké posisi sing kuwat iki kanggo medharaké khotbah saka Faiziyveh School sing ndakwa negara kolusi karo Israel lan nyoba "ndhiskreditaké al-Qur-an." Panyekelané sing ora kaéndhani déning pulisi rahasia Iran, SAVAK, mancing karusuhan gedhèn lan réaksi kakerasan sing biasa déning pihak kaamanan sing njalari patining èwonan wong.

Khomeini terus susah sakwéné taun-taun sabanjuré lan nalika pèngetan pisanan karusuhan pasukan Shah mlaku nuju kutha Qom, nahan Imam sadurungé dikirim menyang pambuangan ing Turki. Panjenengané manggon sedhéla ing kana sadurungé pindhah menyang Irak ing ngendi nerusaké pagolakan kanggo ambruké rézim Shah. Taun 1978 pamaréntahan Shah njaluk Irak kanggo ngusir panjenengané saka Najaf, banjur panjenengané nuju Paris, sauntara iku profilé ngrembaka minangka refleksi langsung lèngsèré Shah.

Khomeini tilar donya ing Teheran tanggal 3 Juni 1989.

Pranala njaba[sunting | Owah sumber]


Didhisiki déning:
-
Pamimpin Agung Iran Digantèkaké déning:
Ayatollah Ali Khamenei


Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Ruhollah_Khomeini&oldid=929547"