Wétan Tengah

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Kawasan Wétan Tengah miturut définisi umum (ijo sepuh) lan miturut définisi G8 (ijo enèm).

Wétan Tengah (Basa Indonésia: Timur Tengah) punika setunggal wewengkon ingkang sacara pulitis lan budaya dados bagéyan saking bawana Asia, utawi Afrika-Eurasia. Puser saking wewengkon punika inggih dharatan ing antaraning Laut Mediterania lan Lempongan Pèrsi sarta wewengkon saking Anatolia, Jazirah Arab dumugi Ujung Sinai. Kadhangkala dipunsebataken ugi area punika ngliputi wewengkon saking Afrika Utara ing sisih kilèn dumugi Pakistan ing sisih wètan lan Kaukasus lan/utawi Asia Tengah ing sisih lèr. Medhia lan sapérangan organisasi internasional (kados PBB) umumipun nganggep wewengkon Wétan Tengah punika wewengkon Asia Barat Daya (kalebet Siprus lan Iran) dipuntambah kaliyan Mesir.

Wewengkon kasebat njangkep sapérangan klompok suku lan budaya kalebet suku Iran, suku Arab, suku Yunani, suku Yahudi, suku Berber, suku Assyria, suku Kurdi lan suku Turki. Basa utaminipun inggih punika: basa Pèrsi, basa Arab, basa Ibrani, basa Assyria, basa Kurdi lan basa Turki.

Kathahipun sastra kilèn ndhefinisiaken "Wétan Tengah" punika nagari-nagari ing Asia Barat Daya, saking Iran (Pèrsi) tumuju Mesir. Mesir kaliyan ujung Sinai ingkang wonten ing Asia umumipun dipunanggep dados bagéyan saking Wétan Tengah, éwadéné sabagéyan ageng wewengkon nagari punika sacara geografi wonten ing Afrika Lèr.

Kawit tengahing abad kaping 20, Wétan Tengah sampun dados pusat dumadosipun prastawa-prastawa donya, lan dados wewengkon ingkang sénsitif sanget, inggih saking segi kstrategisan lokasi, pulitik, ékonomi, kabudayan lan agami. Wétan Tengah ndarbèni cadhangan minyak mentah ingkang ageng cacahipun lan dados panggénan kalairan lan pusat spiritual agami Yahudi, Kristen lan Islam.

Wates[besut | besut sumber]

Istilah 'Wétan Tengah' ngarah ing wewengkon budaya, dados boten nggadhahi wates tartamtu. Dhéfinisi ingkang umum diagem inggih punika wewengkon ingkang kapérang saking: Bahrain, Siprus, Mesir, Turki, Iran (Pèrsi), Irak, Israèl, Yordania, Kuwait, Lebanon, Oman, Qatar, Arab Saudi, Suriah, Uni Emirat Arab, Yaman, Tepi Barat lan Jalur Gaza.

Iran dados wates paling wètan, kadhang ugi nglebetaken Afganistan lan Pakistan kulèn amargi caketipun (sacara suku lan agami) kaliyan klompok mayoritas saking masyarakat Iran. Ugi amargi sesambetan sejarah amargi naté dados bagéyan saking kerajaan ingkang wewengkonipun njangkep laladan-laladan kasebat. Afganistan, Tajikistan lan Pakistan kilèn nggadhahi sesambetan budaya, basa lan sejarah kaliyan Iran. Sauntara punika sesambetan antaranipun Iran kaliyan nagari-nagari Arab amargi wontenipun sesambetan agami lan caketipun sacara geografi.

Umumipun ingkang kasebat Wétan Tengah sacara harfiah inggih punika laladan-laladan nagari:

Péta nunjukaken nagari-nagari ingkang dipunyakini dados bagéyan saking Wétan Tengah

Lajeng nagari-nagari Afrika Lèr ugi dipunlebetaken:

Sasanèsipun punika, kadhangkala nagari-nagari ing ngandhap punika ugi dipunlebetaken:

Erosentrisme[besut | besut sumber]

Sapérangan sampun ngritik istilah 'Wétan Tengah' amargi kaErosentrismeanipun. Wewengkon punika papanipun ing wètan Éropah Kilèn. Kanggé India, Wétan Tengah papanipun ing sisih kilèn; kanggé Rusia Russia papanipun ing sisih kidul. Tembung 'Tengah' ugi sampun nyebabaken kabingungan kanggé sabagéyan tiyang. Sadèrèngipun Perang Dunia I, 'Timur Dekat' dipunginaaken Inggris kanggé nunjuk ing laladan Balkan lan Kerajaan Ottoman, éwadéné 'Timur Tengah' kanggé Pèrsi, Afganistan, lan Asia Tengah, Turki, lan Kaukasus. Éwadéné 'Timur Jauh' nunjuk ing nagari-nagari 'Asia Timur', kados Tiongkok, Jepang, Hong Kong, lan sanès-sanèsipun.

Kanthi ilangipun Kerajaan Ottoman ing taun 1918, 'Timur Dekat' méh ilang ing pangginaan umum, éwadéné 'Timur Tengah' dipunginaaken kanggé nunjuk ing nagari-nagari Islam. Nanging pangginaan 'Timur Dekat' tetep dipunginaaken déning sapérangan dhisiplin akadhemi, kalebet arkéologi lan sejarah kuno.

Kritikan Erosentrisme ugi sesambetan kaliyan fakta bilih Wétan lan Kulon dipundhéfinisiaken ing sesambetanipun kaliyan garis lintang relatif tumrap Meridian Utama utawi Meridian Greenwich. Punika amargi standar kartografi Britania ingkang dipuntampi wiyar ing taun 1884 ing Konferensi Meridian Internasional.

Mangga ugi pirsani[besut | besut sumber]


Nagari-nagari ing Wétan Tengah
Arab Saudi | Bahrain | Irak | Iran | Israel | Kuwait | Libanon | Mesir | Oman | Qatar | Suriah | Turki | Uni Emirat Arab | Yaman | Yordania
Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.


Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Wétan_Tengah&oldid=1089897"