Seoul

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Kota Khusus Seoul
서울
Kota Khusus
  transcription(s)
 • Hangul 서울특별시
 • Hanja 서울 [1]
 • Revised Romanization Seoul Teukbyeolsi
 • McCune-Reischauer Sŏul T'ŭkpyŏlsi
Clockwise from top left: N Seoul Tower, Moonlight Rainbow Fountain, Gangnam, Samsung Tower Palace, 63 Building and Namdaemun
Official logo of Kota Khusus Seoul
Emblem of Seoul
Peta Korea Selatan dengan Seoul yang diberi tanda
Peta Korea Selatan dengan Seoul yang diberi tanda
Koordhinat: 37°34′08″N 126°58′36″E / 37.56889°N 126.97667°E / 37.56889; 126.97667
District
Government
 • Jinis Seoul Metropolitan Government
 • Mayor Oh Se-hoon
Tlatah[2]
 • Kota Khusus 605,25 km2 (23,369 sq mi)
Cacah jiwa (2009)[3]
 • Kota Khusus 10.464.051
 • Karapetan 17.288/km2 (44,780/sq mi)
 • Métro 24.472.063
 • Demonym Seoulite.서울시민(Seoul simin)
 • Dialect Seoul
Flower Forsythia
Tree Ginkgo
Bird Magpie
Sana jaringan seoul.go.kr

Seoul iku kutha krajan Koréa Kidul sing umuré luwih saka 600 taun lan nganti taun 1945, kutha krajan saka kabèh Koréa. Kutha iki minangka Kutha Mligi Koréa. Wiwit madegé Républik Koréa—luwih dikenal kanthi jeneng Koréa Kidul—ing taun 1948, kutha iki dadi kutha krajan nagara, kajaba sawetara wektu ing mangsa Perang Koréa.

Seoul dumunung ing sisih kulon-lor nagara, ing sisih kidul DMZ Koréa, ing Kali Han. Kutha iki dadi pusat pulitik, budaya, sosial lan ékonomi ing Koréa Kidul dan Asia Wétan. Uga dadi pusat bisnis, kauangan, prusahaan multinasional, lan organisasi global. Nganti saiki, Seoul dianggep minangka cahya saka ékonomi Asia Wétan, simbol saka kaajaiban ékonomi Koréa.

Kanthi 10 yuta padunung kadaftar sing manggon ing tlatah sing jembaré 605.52 km², Seoul minangka salah siji kutha paling padhet ing donya. Kapadhetané wis ndadèkaké dadi salah siji kutha digital-kabel ing donya. Kutha iki uga nduwèni montor kadaftar luwih saka 1 yuta sing nyebabaké kamacetan nganti liwat tengah wengi. Bagéyan Seoul gedhé dan laladan komuter, klebu dermaga kutha Incheon lan laladan papan panggon Seongnam, dadi panggonan sing paling padhet ing donya. Jroning taun-taun pungkasan, pamaréntah laladan metropolitan wis nglaksanakaké program resik-resik polusi hawa lan banyu ing kutha iki, andandèkaké atmosfir dadi resik banget.

Pamérangan administratif[besut | besut sumber]

Seoul dibagi jroning 25 gu (구 dhistrik), sing dipérang manèh dadi 522 dong, sing banjur dibagi jroning 13.787 tong, lan dibagi manèh dadi 102.796 ban.

  • Dobong-gu (도봉구; 道峰區)
  • Dongdaemun-gu (동대문구; 東大門區)
  • Dongjak-gu (동작구; 銅雀區)
  • Eunpyeong-gu (은평구; 恩平區)
  • Gangbuk-gu (강북구; 江北區)
  • Gangdong-gu (강동구; 江東區)
  • Gangnam-gu (강남구; 江南區)
  • Gangseo-gu (강서구; 江西區)
  • Geumcheon-gu (금천구; 衿川區)
  • Guro-gu (구로구; 九老區)
  • Gwanak-gu (관악구; 冠岳區)
  • Gwangjin-gu (광진구; 廣津區)
  • Jongno-gu (종로구; 鍾路區)
  • Jung-gu (중구; 中區)
  • Jungnang-gu (중랑구; 中浪區)
  • Mapo-gu (마포구; 麻浦區)
  • Nowon-gu (노원구; 蘆原區)
  • Seocho-gu (서초구; 瑞草區)
  • Seodaemun-gu (서대문구; 西大門區)
  • Seongbuk-gu (성북구; 城北區)
  • Seongdong-gu (성동구; 城東區)
  • Songpa-gu (송파구; 松坡區)
  • Yangcheon-gu (양천구; 陽川區)
  • Yeongdeungpo-gu (영등포구; 永登浦區)
  • Yongsan-gu (용산구; 龍山區)

Pranala njaba[besut | besut sumber]


  1. ^ Dikarenakan Seoul tidak memiliki kesamaan dalam Hanja, penulisan Hangul digunakan disini.
  2. ^ "Seoul Statistics (Land Area)". Seoul Metropolitan Government. Dijupuk 24 March 2010.  Priksa gandra date ing: |access-date= (pitulung)
  3. ^ "Seoul Statistics (Population)". Seoul Metropolitan Government. Dijupuk 24 March 2010.  Priksa gandra date ing: |access-date= (pitulung)
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Seoul&oldid=1108103"