Tepas

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Sugeng rawuh ing Wikipédia Jawa
bauwarna mardika basa Jawa

Gunggung artikel: 56.643


Artikel pethingan Wikipédia iku apa?
Topèng Emas Nayan, salah siji kolèksi Musiyum Sanabudaya kang ilang kacolong.
Topèng Emas Nayan, salah siji kolèksi Musiyum Sanabudaya kang ilang kacolong.

Colong-jupuk kolèksi Musiyum Sanabudaya iku kasus colong-jupuk puluhan barang cagar budaya ing Musiyum Sanabudaya, Ngayogyakarta nalika 11 Agustus 2010. Kolèksi kang ilang cacah 87 iji (banjur ingambalan anggoné ngétung dadi 75 iji), racaké wujud tinggalaning Mataram Kuna lan Majapait kang bahan emas, sarta sawatara kolèksi kang bahan prunggu lan pérak. Salah siji barang kang kacolong iku Topèng Emas Nayan, mahakarya topèng emas wutuh siji-sijiné kang diduwèni musiyum ing Indonésia. Kasus colong-jupuk kolèksi Musiyum Sanabudaya ora rampung sapréné lan barang-barang kang cinolong dinuga wis kaadol ing pasar peteng internasiyonal. Lelakon iki kaaran colong-jupuk kolèksi musiyum kang gedhé dhéwé ing sauruting sajarah Indonésia.

Manut UU No. 11 Taun 2010 bab Cagar Budaya, yèn siji barang cagar budaya ilang lan ing dalem enem taun durung tinemu bakal kabusek saka pratélan barang cagar budaya nasiyonal. (Waca candhaké)

Wikipédia iku bauwarna utawa ènsiklopédhi kang kena dibesut, diturun, lan didum sapa baé kanthi mardika. Ing Wikipédia Jawa, nganti saiki ana wong 41.371 kang tau njajal awèh kawruh nganti karipta 56.643 artikel ing basa Jawa.

Wikipédia iku nampa sapa baé kang kapéngin awèh kawruh, kalebu panjenengan. Ayo padha mèlu paguyuban Wikipédia kang mbudidaya ngamardika kawruh!


Gambar pethingan Dina iki kala kawuri

Роза Лыгденова.JPG
Sawijining wanodya saka Klan Sartuul kang asalé saka Désa Tsagatuy, Dhistrik Dzhidinsky ing Républik Buryatia, Ruslan.


Proyèk liya