Wikipédia:Pendhapa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Sugeng rawuh ing Wikipédia Jawa
bauwarna mardika abasa Jawa kang diyasa sarana gugur-gunung
kang saiki ngemu 72.906 artikel
Tsipras ing taun 2015
Tsipras ing taun 2015
Alexis Tsipras (Yunani: Αλέξης Τσίπρας; lair 28 Juli 1974) iku pulitisi Yunani kang lungguh minangka Nayakotama Yunani kawit 2015 nganti 2019. Minangka wong sosialis, Tsipras dadi pangarepé parté pulitik Yunani aran SYRIZA kawit 2009. Tsipras lair ing Athína ing 1974. Dhèwèké mlebu Kanoman Kuminis Yunani ing wekasané dasawarsa 1980. Ing wiwitané dasawarsa 1990, dhèwèké giyat ing jagat pulitik mligi minangka juru wicara ing protès-protès kang nulak rancangan owah-owahan gedhèn-gedhèn tumrap pangajaran. Dhèwèké nyinau tèhnik sipil ing Universitas Tèhnik Kabangsan Athína, lulus ing 2000, lan nerusaké sarjana ing babagan tata kutha lan wewengkon. Dhèwèké nyambut gawé minangka insinyur sipil ing indhustri yeyasan kang kapernah ing Athína. Ing Januwari 2015, SYRIZA kanthi dipandhégani Tsipras menangaké pilihan umum lègislatif. Minangka Nayakotama, dhèwèké ngawasi rundhingan bab krisis utangé Pepréntahan Yunani. Ing 2015, dhèwèké dipilih kalawarta TIME minangka salah siji saka 100 wong kang banget mrabawani ing jagat. (Waca candhaké)


Pesawat tempur F-35A Lightning II mabur ing Fort Worth, Texas, Amérika Sarékat.

Wikipédia iku bauwarna (encyclopedia) kang cumepak ing manéka basa (multilingual) tur olèh dibesut (edit), diturun (copy), lan dipandum (share) sapa baé kanthi mardika (free). Amarga cumepak ing manéka basa, mula ana Wikipédia basa Jawa iki kang kababar ing surya 8 Maret 2004. Saben wong olèh mbesut, nurun, lan mandum kaca ing Wikipédia iki. Tegesé, kowé bisa mèlu ngripta utawa nggawé artikel anyar, ndandani artikel kang durung becik, mulihaké artikel kang dirusak, lan sapanunggalané. Wong-wong kang tumandang mangkono aran naraguna (user). Kowé bisa nyawiji karo para naraguna liya ing paguyuban saperlu nuwuhaké, ngrembakakaké, lan ngregengaké Wikipédia iki. Wikipédia iki minangka salah siji barang wetoning Wikimedia Foundation, siji pakumpulan nirlaba, kang kanggo sapa baé tur lelahanan (gratis). Kowé ora perlu mbayar saperlu nggawé akun lan maca artikel ing Wikipédia iki. Sapréné, wis ana 60.898 akun lan 72.906 artikel ing Wikipédia basa Jawa. Ayo ngéwangi mbecikaké Wikipédia Jawa iki!