Wikipédia:Pendhapa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Sugeng rawuh ing Wikipédia Jawa
bauwarna mardika abasa Jawa kang diyasa sarana gugur-gunung
kang saiki ngemu 72.848 artikel
Pambantéan tahanan Tionghoa.
Pambantéan tahanan Tionghoa.
Gègèr Pacinan ya iku pogram kanggo wong katurunan Cina ing kutha palabuhan Batavia, Indhiya Nèderlan (saiki Jakarta). Panindhesan ing kutha saka 9 Oktober 1740 nganti 22 Oktober; manéka warna paprangan cilik-cilik nganti tekan sasi Novèmber 1740. Kabingungan masarakat Tionghoa iku amarga réprèsi pamaréntah lan kurangé asil makarya akibat saka mudhuné rega gula rikala semana. Kanggo nanggepi kabingungan iku, ana ing patemon Dhéwan Hindhia (Raad van Indië), badan pemimpin Vereenigde Oostindische Compagnie (VOC), Gubernur-Jendral Adriaan Valckenier mbiwara yèn ontran-ontran apa waé bisa diwales karo kakerasan uga patèn-patènan. Pangumuman saka Valckenier iku ditindhakaké saka tanggal 7 Oktober 1740 sawisé wong-wong Tionghoa akèh kang dadi buruh pabrik gula matèni 50 prajurit Walanda. Jalaran kadadéan iki, kira-kira punjul 10.000 wong katurunan Tionghoa dipatèni. Gunggung wong slamet kurang luwih 600 nganti 3.000. Sabanjuré ontran-ontran kadadéan ing kabèh tlatah Jawa lan ana kadadéan perang kang suwené rong taun, kanthi wadya gabungan Tionghoa lan Jawa nglawan prajurit Walanda. (Waca candhaké)


Manuk platuk Colaptes auratus kang lagi njaga susuhé ing Central Park, New York, Amérika Sarékat.

Wikipédia iku bauwarna (encyclopedia) kang cumepak ing manéka basa (multilingual) tur olèh dibesut (edit), diturun (copy), lan dipandum (share) sapa baé kanthi mardika (free). Amarga cumepak ing manéka basa, mula ana Wikipédia basa Jawa iki kang kababar ing surya 8 Maret 2004. Saben wong olèh mbesut, nurun, lan mandum kaca ing Wikipédia iki. Tegesé, kowé bisa mèlu ngripta utawa nggawé artikel anyar, ndandani artikel kang durung becik, mulihaké artikel kang dirusak, lan sapanunggalané. Wong-wong kang tumandang mangkono aran naraguna (user). Kowé bisa nyawiji karo para naraguna liya ing paguyuban saperlu nuwuhaké, ngrembakakaké, lan ngregengaké Wikipédia iki. Wikipédia iki minangka salah siji barang wetoning Wikimedia Foundation, siji pakumpulan nirlaba, kang kanggo sapa baé tur lelahanan (gratis). Kowé ora perlu mbayar saperlu nggawé akun lan maca artikel ing Wikipédia iki. Sapréné, wis ana 59.961 akun lan 72.848 artikel ing Wikipédia basa Jawa. Ayo ngéwangi mbecikaké Wikipédia Jawa iki!