Wikipédia:Pendhapa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Sugeng rawuh ing Wikipédia Jawa
bauwarna mardika abasa Jawa kang diyasa sarana gugur-gunung
kang saiki ngemu 72.512 artikel
EM of influenza virus.jpg
Influenza, kang luwih ditepungi kanthi sebutan flu, wujud lelara nular kang disebabaké déning virus RNA saka famili Orthomyxoviridae (virus influenza), kang nyerang unggas lan mamalia. Tandha-tandha kang paling umum saka lelara iki ya iku ndredheg, mriyang, perih tenggorokane, perih otot, sirah abot, watuk, lemes, lan malaise. Sanajan asring kijolan karo lelara mèmper influenza liyané, mligi selesma, influenza wujud lelara kang luwih abot tinimbang selesma lan disababaké déning jinis virus kang béda Influenza bisa nimbulaké eneg, lan muntah, mligi ing bocah-bocah, nanging tandha-tandha mau luwih asring ana ing lelara gastroenteritis, kang babar pisan ora ana gegandhèngané, kang uga sok-sok kanthi ora trep diarani "flu weteng". Flu sok-sok bisa nimbulaké pneumonia viral kanthi langsung uga nimbulaké pneumonia bakterial sékundhèr. Lumrahé, influenza ditularaké liwat udara liwat watuk utawa wahing, kang bakal nimbulaké aerosol kang ngandhut virus. Influenza uga bisa ditularaké liwat kontak langsung karo tai manuk utawa umbel, utawa liwat kontak karo lumahan kang wis kena kontaminasi. (Waca candhaké)

Macaque showing the middle finger.jpg
Sawiji tindak-tanduk ora lumrah kethèk makaka kang ngacungaké driji panunggulé ing Taman Nasional Baluran, Kabupatèn Situbanda, Jawa Wétan.

Wikipédia iku bauwarna (encyclopedia) kang cumepak ing manéka basa (multilingual) tur olèh dibesut (edit), diturun (copy), lan dipandum (share) sapa baé kanthi mardika (free). Amarga cumepak ing manéka basa, mula ana Wikipédia basa Jawa iki kang kababar ing surya 8 Maret 2004. Saben wong olèh mbesut, nurun, lan mandum kaca ing Wikipédia iki. Tegesé, kowé bisa mèlu ngripta utawa nggawé artikel anyar, ndandani artikel kang durung becik, mulihaké artikel kang dirusak, lan sapanunggalané. Wong-wong kang tumandang mangkono aran naraguna (user). Kowé bisa nyawiji karo para naraguna liya ing paguyuban saperlu nuwuhaké, ngrembakakaké, lan ngregengaké Wikipédia iki. Wikipédia iki minangka salah siji barang wetoning Wikimedia Foundation, siji pakumpulan nirlaba, kang kanggo sapa baé tur lelahanan (gratis). Kowé ora perlu mbayar saperlu nggawé akun lan maca artikel ing Wikipédia iki. Sapréné, wis ana 57.744 akun lan 72.512 artikel ing Wikipédia basa Jawa. Ayo ngéwangi mbecikaké Wikipédia Jawa iki!