Honggari

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Magyar Köztársaság
Pitakaning Honggari
Flag
Coat of arms of Honggari
Coat of arms
Anthem: Himnusz (Isten, áldd meg a magyart)
Location of Honggari
Capital
and largest city
Budapest
Official languagesHonggari
GovernmentRépublik demokratis
Didirikan
• Water (%)
0,74%
Population
• 2006 estimate
10.070.000 (82)
• 2001 census
10.198.315
GDP (PPP)2005 estimate
• Total
US$162.289 juta (49)
• Per capita
US$16.627 (43)
CurrencyForint (HUF)
Time zoneUTC+1 (CET)
• Summer (DST)
UTC+2 (CEST)
Calling code36
Internet TLD.hu
Peta Honggari

Républik Honggari (Hongaria) iku nagara ing bawana Éropa. Sing ndunungi cacahé kira-kira ana 11 yuta. Kutha krajané iku Budapest. Nagara iki wewatesan karo Ostenrik ing sisih kulon, Slowak ing sisih lor, Ukraina ing sisih wétan, Rumeni ing sisih kidul-wétan lan Kroasia sarta Serbia ing sisih kidul. Sajeroning basa saenggon, nagara iki dikenal minangka Magyarország sing tegesé laladan Magyar. Honggari mbentuk kumpulan Visegrád bebarengan karo Polen, Slowak lan Républik Céko.

Sajarah[besut | besut sumber]

Artikel utama: Sajarah Honggari

Ing mangsa Kakaésaran Rum, wong-wong Rum ngarani wewengkon iki Pannonia (sisih kulon Kali Danube). Sawisé Roma klebon suku-suku Jermanik lan tekanan saka bangsa Karpia, Periode Migrasi terus nekakaké akèh penyerang. Wiwitan teka wong-wong Hun, sing yasa sawijining imperium sing kuwat ing sangisoring Attila. Jeneng "Honggari" manawa kaprabawan déning bangsa Hun, sanadyan manawa jeneng iki asal saka jeneng aliansi Turkis ing abad kaping 7 sing karan Onogur. Sawisé pamaréntahan wong-wong Hun ilang, suku-suku Jermanik liyané ya iku wong-wong Lombardi lan Gepid kuwasa ing Pannonia sajeroning watara 100 taun. Ing mangsa iku uga suku-suku Slavia wiwit migrasi mangidul. Ing taun 560-an, banjur digantekake déning Avar sing kuwasa ing negri iku rong abad suwéné. Wong-wong Prancis ing sangisoring Charlemagne saka kulon lan wong-wong Bulgar saka kidul-wétan wusanane kasil nggulingake wong-wong Avar ing wiwitan abad angka 9. Sabanjure wong-wong Frankia mundur, lan karajan Slavonik Moravia Raya sarta Kepangeranan Balaton nguwasani sapérangan gedhé Pannonia nganti pungkasan abad iku. Wusanane bangsa Magyar migrasi menyang Honggari ing pungkasan abad angka 9.

Wewengkon[besut | besut sumber]

Artikel utama: Wewengkon ing Honggari

Sacara administratif Honggari kapérang dados 19 kabupatèn. Nanging sanèsipun punika, wonten satunggal kutha krajan (főváros): Budapest. Wonten 23 kabupatèn kutha (wangun tunggal: megyei jogú város) ing Honggari, inggih punika:

Kabupatèn kuthaKabupatèn (Kutha krajan kabupatèn)

Uga delengen[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Cithakan:Éropa