Kelompok Elit Up todate

Saben negÄrÄ nduwéni bÄsÄ Nasional dhéwé-dhéwé sing dienggo déning masyarakaté. Negara Indonesia nduwéni Bahasa Indonesia sing dadi bÄsÄ nasional lan bÄsÄ resmi negara. Nanging ora saben negara nduwéni bÄsÄ lokal utÄwÄ daerah. Indonesia kalebu negara sing nduweni bÄsÄ lokal/daerah sing akèh cacahé. Ä€nÄ bÄsÄ Jawa, bÄsÄ Sunda, bÄsÄ Bali, bÄsÄ Batak, bÄsÄ Banjar, bÄsÄ Aceh lsp.

Nganti dinÄ iki WordPress nyengkuyung kabeh bÄsÄ mau dadi bÄsÄ resmi polatan (interface), dokumentasi lan website lokal utamané sing mlebu nang daftar iso 639-3. Éwonan bÄsÄ sadunya cumawis nang daftar iso 639 iki, nanging saiki gunggungé nembé ÄnÄ 169 basa, internasional lan lokal sing kedaftar dadi bÄsÄ lokal nang laman resmi WordPress. Negara Indonesia kalebu sing begjÄ, jalaran ana telung bÄsÄ sing uwis cumawis nduwéni paket bÄsÄ nang WordPress yakui bÄsÄ Indonesia, bÄsÄ Jawa lan bÄsÄ Sunda.

SÄkÄ 169 basa lokal mau ora kabeh nduweni paket rilis WordPress, ÄnÄ sing uptodate terus, ÄnÄ sing luwih sÄkÄ siji, ÄnÄ sing nembé sepisanan nduwéni paket rilis malah ÄnÄ sing babar blas ora nduweni paket rilis saknajan uwis ngupÄyé nerjemahaké nanging ora tau tutug nganti 100 %.

Sesasi kepungkur namung Basa Indonesia sing kalebu bÄsÄ nusantara sing aktif amargÄ nduwéni luwih sÄkÄ siji rilis paket WordPress lan sing pungkasan uwis nduwé rilis versi 4.8.2 dibandingaké bÄsÄ lokal Indonesia liyané yakui bÄsÄ Jawa lan bÄsÄ Sunda. BÄs Indonesia ugÄ kalebu kelompok élit, amargÄ terus ngupdate terjemahan proyek-proyek utÄmÄ WordPress.

Nanging, saiki…

Persisé tanggal 28 Oktober 2017 (DinÄ Sumpah Pemuda) WordPress uwis nduwéni paket rilis bÄsÄ Jawa versi 4.8.2. MulÄ ora mung bÄsÄ Indonesia thok nanging ugÄ ÄnÄ bÄsÄ Jawa, lan sing luwih ngedab-edabi saiki bÄsÄ Jawa ugÄ nduweni rilis paket pangembangan versi 4.9 sing nyebabaké bÄsÄ Jawa mlebu dadi basa sing uptodate utawa kelompok elit bÄsÄ-bÄsÄ nang WordPress kayata bÄsÄ Jerman, bÄsÄ Jepang, bÄsÄ Rusia lsp. Cacahé namung 14 bÄsÄ sakdunya, mulané mangga sami-sami disengkuyung proyek penerjemahan bÄsÄ Jawa menikÄ supÄyÄ bÄsÄ Jawa tetep lestari lan tetep dadi kelompok elit terjemahan bÄsÄ-bÄsÄ lokal nang WordPress.

Kelompok elit bÄsÄ lokal WordPress saiki cacahé namung 14 bÄsÄ

Maringi Balesan