Soju

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Soju
Hangul소주
Hanja燒酒
Alihaksara Koréa Kang SinampurnaSoju
McCune–ReischauerSoju

Soju inggih punika unjukan distilasi ingkang asalipun saking Koréa [1]. Sapérangan ageng mèrek soju punika dipunproduksi wonten ing Koréa Kidul. Sanajan bahan baku soju punika beras nanging sapérangan ageng produsèn unjukan soju punika ngginakaken bahan tambahan utawi bahan kanggé gantosipun beras kados ta kenthang, gandhum, jelai, uwi rambat, utawi tapioka (dangmil). Unjukan punika bening lan boten wonten warninipun kanthi kadar alkohol ingkang bènten-bènten wiwit saking 20% dumugi 45% Alkohol Berdasarkan Volume (ABV). Kadar alkohol ingkang paling umum dipun-ginakaken kanggé soju inggih punika 20% ABV. Jinro punika satunggaling produsèn soju ingkang paling ageng wonten ing Koréa [2]. Nalika taun 2007, Jinro nyadé langkung saking 72 juta krat soju.[3][4])

Sajarah[besut | besut sumber]

Piranti kanggé damel soju kanthi tradhisional

Soju punika ingkang kaping pisan dipundamel ing taun 1300 nalika tiyang Mongol perang nglawan tiyang Koréa. Teknik distilasi arak dipunsinauni déning tiyang Mongol saking tiyang Pèrsi[5] nalika bangsa Mongol nglampahi invasi dhateng Asia Tengah lan Timur Tengah kirang langkung nalika taun 1256. Sasampunipun cara damel arak dipunwulangaken dhateng tiyang Koréa, papan kanggé nyuling dipundamel déning tiyang Koréa ing kiwa-tengené kutha Kaesong. Ing kawasan kiwa tengenipun Kaesong, soju ugi dipunsebat arak-ju (hangul: 아락주).[6]

Soju punika kathah dipundamel wonten ing kutha-kutha ingkang dados papan bala bangsa Mongol manggon. Papan mau kutha-kutha kados Andong, Kaesong, lan Jeju. Kutha Andong mau dumugi sapunika kawéntar minangka pusat tradisi soju kanthi cara tradhisional. Katandingaken kaliyan makgeolli, soju punika gadhah kadar alkohol ingkang inggil. Rumiyinipun soju punika unjukan ingkang awis saéngga namung saged dipunkonsumsi déning kalangan tartamtu. Bibar tèhnik anggènipun damel soju dipunmangertosi kanthi wiyar, sakedhik-sakedhik soju wiwit dipunmangertosi déning rakyat biyasa. Pabrik panyulingan soju punika wiwit dipundamel nalika wiwitan abad kaping 20. Salajengipun soju dados unjukan rakyat ingkang kondhang bibar dipun-ginakaken sirup gula hasil impor mawi regi ingkang mirah anggènipun prosès damel soju. Boten wonten paugeran ingkang gegayutan babagan tèhnik anggènipun damel soju lan ugi distilasi saéngga produsèn saged damel soju kanthi cara ngèncèraken alkohol. Regi unjukan soju ugi sansaya mirah sareng kaliyan mindhakipun kadar alkohol.[7]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. Berapa Banyak Botol Soju Yang Dapat Diminum Oleh Model Soju?, (dipunakses tanggal 12 Maret 2013)
  2. Jinro Soju, (dipunakses tanggal 12 Maret 2013)
  3. http://www.trifood.com/soju.html
  4. http://www.businessweek.com/globalbiz/blog/eyeonasia/archives/2008/08/heres_quick_qui.html
  5. "Moving Beyond the Green Blur: a History of Soju".
  6. "History of Soju" (ing basa Koréa). Doosan Encyclopeida.CS1 dandani: Basa ora kaweruhan (link)
  7. "Soju" (ing basa Jepang). Korean Cultural Center.

Pranala njawi[besut | besut sumber]