Wikipédia:Pendhapa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Sugeng rawuh ing Wikipédia Jawa
bauwarna mardika abasa Jawa kang diyasa sarana gugur-gunung
kang saiki ngemu 64.582 artikel
Montage Bordeaux.jpg
Bordeaux inggih punika salah satunggalipun kitha ingkang wonten ing Prancis. Bordeaux dipunsebat kitha plabuhan ingkang mapan ing kidul-kilèn Prancis. Bordeaux punika kutha krajanipun wewengkon administratif Aquitaine, lan mlebet Dhépartemèn Gironde. Kitha Bordeaux dados kitha paling ageng urutan kaping gangsal ing Prancis, sasampunipun Paris, Lyon, Marseille lan Lille. Taun 2007 Kitha Bordeaux dipunresmékaken minangka situs warisan donya UNESCO. Bordeaux misuwur minangka Kitha Anggur. Bordeaux sampun mrodhuksi anggur awit abad angka 8. Kitha punika dados panyelenggara adicara pamèran indhustri anggur Vinexpo. Bordeaux ugi dados kitha kanggé panalitén babagan militèr. Bordeaux kalebet punjering sajarah nagara Prancis ingkang gadhah manéka warni wangunan kanthi arsitèktur ingkang saé, dipundamel ing jaman kapengker, ingkang ngantos kawitanipun abad kalih dasa taksih dipunjagi. Sasampunipun wangunan Kitha Paris, wangunan ing Kitha Bordeaux punika wangunan ingkang dipunreksa déning pamaréntah Prancis. Bordeaux dipunakeni gadhah jasa minangka punjering sajarah Prancis awit abad kalih welas. (Waca candhaké)

Monasterio de Tatev, Armenia, 2016-10-01, DD 86-88 HDR.jpg
Sesawangan Biara Tatev lan sakupengé kang kapernah ing Armèni.

Wikipédia iku bauwarna (encyclopedia) kang cumepak ing manéka basa (multilingual) tur olèh dibesut (edit), diturun (copy), lan dipandum (share) sapa baé kanthi mardika (free). Amarga cumepak ing manéka basa, mula ana Wikipédia basa Jawa iki kang kababar ing surya 8 Maret 2004. Saben wong olèh mbesut, nurun, lan mandum kaca ing Wikipédia iki. Tegesé, kowé bisa mèlu ngripta utawa nggawé artikel anyar, ndandani artikel kang durung becik, mulihaké artikel kang dirusak, lan sapanunggalané. Wong-wong kang tumandang mangkono aran naraguna (user). Kowé bisa nyawiji karo para naraguna liya ing paguyuban saperlu nuwuhaké, ngrembakakaké, lan ngregengaké Wikipédia iki. Wikipédia iki minangka salah siji barang wetoning Wikimedia Foundation, siji pakumpulan nirlaba, kang kanggo sapa baé tur lelahanan (gratis). Kowé ora perlu mbayar saperlu nggawé akun lan maca artikel ing Wikipédia iki. Sapréné, wis ana 50.680 akun lan 64.582 artikel ing Wikipédia basa Jawa. Ayo ngéwangi mbecikaké Wikipédia Jawa iki!
Dina iki