Tepas

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan

Sugeng rawuh ing Wikipedia Jawa.png
Sugeng rawuh ing Wikipédia Jawa
bauwarna mardika basa Jawa

Gunggung artikel: 62.654


Artikel pethingan Wikipédia iku apa?
Soedirman
Soedirman

Soedirman utawi jangkepipun Jéndral Besar TNI Anumerta Soedirman (Ejaan Soewandi: Sudirman) (lair ing Bodas Karangjati, Rembang, Purbalingga, 24 Januari 1916 – tilar donya ing Magelang, 29 Januari 1950 kanthi yuswa 34 taun) inggih punika salah sawijining wira Indonésia ingkang berjuang ing mangsa kamardhikan Républik Indonésia. Katulis wonten ing sajarah Indonésia, panjenengané njabat dados Panglima lan Jéndral Indonésia kapisan ingkang paling nem. Nalika yuswanipun Soedirman 31 taun panjenengané sampun dados Jéndral. Sanadyan gerah tuberkulosis paru-paru panjenengané tetep berjuang ing palagan kanggé mbela kamardhikan Indonésia. Soedirman tilar donya amargi gerah tuberkulosis paru-paru lan dipunsarèkaké ing Taman Makam Wira Semaki (Kusumanagara), Yogyakarta. (Waca candhaké)

Wikipédia iku bauwarna (encyclopedia) kang cumepak ing manéka basa (multilingual) tur olèh dibesut (edit), diturun (copy), lan dipandum (share) sapa baé kanthi mardika (free). Amarga cumepak ing manéka basa, mula ana Wikipédia basa Jawa iki kang kababar ing surya 8 Maret 2004. Saben wong olèh mbesut, nurun, lan mandum kaca ing Wikipédia iki. Tegesé, kowé bisa mèlu ngripta utawa nggawé artikel anyar, ndandani artikel kang durung becik, mulihaké artikel kang dirusak wong ala, lan sapanunggalané. Wong-wong kang tumandang mangkono aran naraguna (user). Kowé bisa nyawiji karo para naraguna liya ing paguyuban (community) saperlu nuwuhaké, ngrembakakaké, lan ngregengaké Wikipédia iki. Wikipédia iki minangka salah siji barang wetoning Wikimedia Foundation, siji pakumpulan nirlaba, kang kanggo wong akèh tur lelahanan (gratis). Kowé ora perlu mbayar saperlu nggawé akun lan maca artikel ing Wikipédia iki. Sapréné, wis ana 47.197 akun lan 62.654 artikel ing Wikipédia basa Jawa. Ayo ngéwangi mbecikaké Wikipédia Jawa iki!


Gambar pethingan Dina iki kala kawuri

Berjalan di tepi pantai utara Jawa.jpg
Sepur ngliwati pasisir ing Gringsing, Batang.

14 Maret: Nyepi (Hindhu Bali, 2021); Taun Anyar (Sikh); Dina Putih ing Jepang; Dina Pi


Proyèk liya