Itali
Repubblica Italiana |
||||||
---|---|---|---|---|---|---|
|
||||||
Sesanti: "L'Italia è una Repubblica democratica, fondata sul lavoro" — "Italia iku republik sing dhémokratis, dibangun ing dhuwuré kasil karyané" | ||||||
Antem: Il Canto degli Italiani |
||||||
Kutha krajan lan paling gedhé | Roma | |||||
Basa resmi | Italia 1 | |||||
Papréntahan | Républik | |||||
• | Présidhèn | Giorgio Napolitano | ||||
• | Mahamantri | Enrico Letta | ||||
Kamanunggalan | ||||||
• | Banyu (%) | 2,4% | ||||
Cacah jiwa | ||||||
• | Rantaman 2017 | 60.507.590 (23) | ||||
• | Cacah sirah - | - | ||||
GDP (PPP) | Rantaman 2005 | |||||
• | Gunggung | US$1.620 milyar (8) | ||||
• | Per kapita | US$27.984 (20) | ||||
Valuta | Euro 2 (EUR) | |||||
Zona wektu | (UTC+1) | |||||
• | Mangsa Panas (DST) | (UTC+2) | ||||
Kodhé bèl | 39 | |||||
TLD Internèt | .it | |||||
1. Basa Prancis uga minangka basa resmi ing Valle d'Aosta; basa Jerman uga minangka basa resmi ing Trentino-Alto Adige. 2. Valuta sadurungé 1999 iku Lira. |
Itali resminé Républik Itali (basa Italia: Repubblica Italiana) iku nagara ing Bawana Éropah lan pulo gedhé loro ing Segara Tengah, ya iku Sisili lan Sardinia. Kang ndunungi cacahé kira-kira ana wong 60 yuta. Kutha krajané iku Roma. Itali wewatesan ing sisih lor karo Pagunungan Alpen, sarta duwé tapel wates karo nagara-nagara Prancis, Switserlan, Ostenrik, lan Slovénia. Nagara mardhika San Marino lan Kutha Vatikan iku minangka enclave ing sajeroning Ujung Italia, déné Campione d'Italia minangka siji exclave Itali ing nagara Switserlan.
Itali dadi papan tumrap manéka kabudayan Éropah, kaya déné kabudayan Ètruska lan Rum, lan uga panggonan lairing obahan Renaissance, kang diwiwiti ing Toscano lan sumebar ing saindenging Éropah. Kutha krajan Itali aran Rum tau dadi punjering kabudayan Kulonan lan punjering Gréja Katulik.
Dina iki, Itali minangka nagara républik dhémokratik, lan nagara maju mawa GDP urut 7 ing sadonya, urut 8 ing Indhèks Mutu Urip,[1] lan urut 20 ing sadonya bab Indhèks Yasaning Manungsa. Itali uga minangka salah siji pangadeg Uni Éropah (kang nandha tangani prajanjèn Treaty of Rome ing taun 1957), lan uga minangka warganing nagara G8, Paheman Éropah, Uni Éropah Kulon, lan Inisiatif Éropah Tengah. Wiwit tanggal 1 Januari 2007, Itali dadi warganing Paheman Kamanan PBB kang ora panggah.
Laladan[besut | besut sumber]
Itali dipérang dadi 20 laladan (akèh: regioni, tunggal: regione); lima ing antarané ndarbèni setatus otonomi mirunggan, tinengeran*:
- Abruzzo
- Basilicata
- Calabria
- Campania
- Emilia-Romagna
- Friuli-Venezia Giulia *
- Lazio
- Liguria
- Lombardia
- Marche
- Molise
- Piemonte
- Puglia
- Sardinia (Sardegna) *
- Sisilia (Sicilia) *
- Toscana
- Trentino-Alto Adige *
- Umbria
- Lembah Aosta *
- Veneto
Kabèh laladan, saliyané Valle d'Aosta, dipérang manèh dadi provinsi cacah loro utawa luwih.
Kutha gedhé[besut | besut sumber]
Kutha-kutha ing Itali mawa cacah kang ndunungi 300,000 jiwa utawa luwih (data ISTAT, Dhésèmber 2006):
Pos. | Common | Region | Prov. | Kang ndunungi |
---|---|---|---|---|
1 | Roma | Lazio | RM | 2,705,603 |
2 | Milan | Lombardia | MI | 1,303,437 |
3 | Napoli | Campania | NA | 1,005,139 |
4 | Turin | Piemonte | TO | 975,139 |
5 | Palermo | Sisilia | PA | 666,552 |
6 | Genoa | Liguria | GE | 615,686 |
7 | Bologna | Emilia-Romagna | BO | 373,026 |
8 | Firenze | Toscana | FI | 365,966 |
9 | Bari | Apulia | BA | 325,052 |
10 | Catania | Sisilia | CT | 301,564 |
Laladan métropilis[besut | besut sumber]
Miturut OECD[2], laladan métropilis baku ing Itali ana:
Laladan métropolis | Kang ndunungi |
---|---|
Milan | 7.4 yuta |
Roma | 3.8 yuta |
Napoli | 3.1 yuta |
Turin | 2.4 yuta |
Réferènsi[besut | besut sumber]
Uga delengen[besut | besut sumber]
Pranala njaba[besut | besut sumber]
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Category:Italy. |
Wikiplesir duwé panuntun plesir ngenani Italy. |
- (in Itali) Portal resmi
- (in Itali) Situs Kepresidenan
- (in Itali) Situs resmi Parlemen
- Situs Kementerian Luar Negeri
- Peta Italia
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |