Itali
Repubblica Italiana |
||||||
---|---|---|---|---|---|---|
|
||||||
Sesanti: "L'Italia è una Repubblica democratica, fondata sul lavoro" — "Italia iku republik sing dhémokratis, dibangun ing dhuwuré kasil karyané" | ||||||
Antem: Il Canto degli Italiani | ||||||
Kutha krajan lan paling gedhé | Roma | |||||
Basa resmi | Italia 1 | |||||
Papréntahan | Républik | |||||
• | Présidhèn | Giorgio Napolitano | ||||
• | Mahamantri | Enrico Letta | ||||
Kamanunggalan | ||||||
• | Banyu (%) | 2,4% | ||||
Cacah jiwa | ||||||
• | Rantaman 2017 | 60.507.590 (23) | ||||
• | Cacah sirah - | - | ||||
GDP (PPP) | Rantaman 2005 | |||||
• | Gunggung | US$1.620 milyar (8) | ||||
• | Per kapita | US$27.984 (20) | ||||
Valuta | Euro 2 (EUR) | |||||
Zona wektu | (UTC+1) | |||||
• | Mangsa Panas (DST) | (UTC+2) | ||||
Kodhé bèl | 39 | |||||
TLD Internèt | .it | |||||
1. Basa Prancis uga minangka basa resmi ing Valle d'Aosta; basa Jerman uga minangka basa resmi ing Trentino-Alto Adige. 2. Valuta sadurungé 1999 iku Lira. |
Itali resminé Républik Itali (basa Italia: Repubblica Italiana), iku nagara ing bawana Éropah lan loro pulo gedhé ing Segara Mediteran, Sisili lan Sardinia. Sing ndunungi cacahé kira-kira ana 60 yuta. Kutha krajané iku Roma. Itali wewatesan ing sisih lor karo pagunungan Alpen, sarta duwé tapel wates karo nagara-nagara Prancis, Switserlan, Ostenrik lan Slovénia. Nagara mardhika San Marino lan Kutha Vatikan iku minangka enclave sajeroning Ujung Italia, déné Campione d'Italia iku minangka sawijining exclave Italia ing nagara Switserlan.
Itali wis dadi papan kanggo warna-warna budaya Éropah, kaya déné Etruscans lan Roman, lan uga panggonan kelairan obahan Renaissance, kang diwiwiti ing Toscano lan nyebar ka saindhenging Éropah. Kutha krajan Itali, Rum wis dadi pusat peradaban Kulon, lan pusat Greja Katulik.
Dina iki, Itali iku nagara Républik demokratik, lan nagara maju kanthi GDP nomer 7 sadonya, naomer 8 ing Indeks Kualitas Urip,[1] lan rangkong nomer 20 ing donya bab Indèks Pembangunan Manungsa. Italia uga minangka salah siji pangadeg Uni Éropah (kang nandha tangani prajanjèn Treaty of Rome ing taun 1957), lan uga anggota klompok nagara G8, Dewan Éropah, Uni Éropah Kulon, lan Inisiatif Éropah Tengah. Wiwit tanggal 1 Januari, 2007, Italia dadi anggota ora tetep Dewan Keamanan PBB.
Laladan[besut | besut sumber]
Italia dipérang dadi 20 laladan (regioni, tunggal: regione); lima ing antarané ndarbèni status otonomi mirunggan, ditandhani nganggo *:
- Abruzzo
- Basilicata
- Calabria
- Campania
- Emilia-Romagna
- Friuli-Venezia Giulia *
- Lazio
- Liguria
- Lombardia
- Marche
- Molise
- Piemonte
- Puglia
- Sardinia (Sardegna) *
- Sisilia (Sicilia) *
- Toscana
- Trentino-Alto Adige *
- Umbria
- Lembah Aosta *
- Veneto
Kabèh laladan, saliyané Valle d'Aosta, dipérang manèh dadi loro provinsi utawa luwih.
Kutha gedhé[besut | besut sumber]
Kutha-kutha ing Italia kanthi sing ndunungi 300,000 jiwa utawa luwih (data ISTAT, Dhésèmber 2006):
Pos. | Common | Region | Prov. | Padunung |
---|---|---|---|---|
1 | Roma | Lazio | RM | 2,705,603 |
2 | Milan | Lombardia | MI | 1,303,437 |
3 | Napoli | Campania | NA | 1,005,139 |
4 | Turin | Piemonte | TO | 975,139 |
5 | Palermo | Sisilia | PA | 666,552 |
6 | Genoa | Liguria | GE | 615,686 |
7 | Bologna | Emilia-Romagna | BO | 373,026 |
8 | Firenze | Toscana | FI | 365,966 |
9 | Bari | Apulia | BA | 325,052 |
10 | Catania | Sisilia | CT | 301,564 |
Laladan Metropolitan[besut | besut sumber]
Miturut OECD[2], laladan metropolitan utama ing Italia ya iku:
Metropolitan area | Padunung |
---|---|
Milan | 7.4 yuta |
Roma | 3.8 yuta |
Napoli | 3.1 yuta |
Turin | 2.4 yuta |
Réferènsi[besut | besut sumber]
Uga delengen[besut | besut sumber]
Pranala njaba[besut | besut sumber]
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Category:Italy. |
Wikiplesir duwé panuntun plesir ngenani Italy. |
- (ing basa Itali) Portal resmi
- (ing basa Itali) Situs Kepresidenan
- (ing basa Itali) Situs resmi Parlemen
- Situs Kementerian Luar Negeri
- Peta Italia
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |