Thomas-Alexandre Dumas
Alexandre Dumas | |
---|---|
Lair | Thomas-Alexandre Davy de la Pailleterie 25 Maret 1762 Saint-Domingue (saiki Haiti) |
Pati | Villers-Cotterêts, Prancis, tanggal 26 Fèbruari 1806 Villers-Cotterêts, Prancis, tanggal 26 Fèbruari 1806 |
Pakaryan | Jendral Prancis |
Anak | Alexandre Dumas, père |
Wong tuwa | Antoine |
Thomas-Alexandre Davy de la Pailleterie utawa dikenal minangka Alexandre Dumas ya iku Jendral Prancis nalika Revolusi Prancis lan perang Napoleon.[1] Dhèwèkeé lair ana Saint-Domingue (saiki Haiti), tanggal 25 Maret 1762.[1] Séda ana Villers-Cotterêts, Prancis, tanggal 26 Fèbruari 1806.[1]
Dhèwèké ya iku bapaké sastrawan, Alexandre Dumas, père.[1]
Latar Wuri[besut | besut sumber]
Dhèwèké ya iku anak batur tukon lan priyayi Prancis.[2] Bapaké asma Antoine, ora sugih tur iya ora sregep.[2] Pak liké sugih, tani sregep kang dodolan gula lan batur tukon ana Monte Cristo.[2]
Taun 1775, Antoine lelayar ing Prancis kanggo ngeklaim warisan kulawarganeé, nggadhekake anaké (Thomas-Alexandre Davy de la Pailleterie) nèng perbudhakan kanggo tuku tikèt.[2] Sawisé ngeklaim, Antoine nylametaké gelar lan warisané kanggo anaké, kang teka Prancis pungkasan 1776, kang kacathet minangka "budak Alexandre".[2]