Dinā iki WordPress 4.9 Release Candidate nembé waé dirilis. Sampéyan bisā mélu ngréwangi ngujicoba lan métani paket RC iki mbok menāwā ésih nemu sapèrangan kaluputan nang sajroning program. Yén uwis ora ānā alangan manèh berarti versi iki siap kanggo situs produksi lan versi sing stabil bakal dirilis ora suwé manèh. Miturut jadwal rilisé, yakuwi tanggal 14 November 2017.
Versi Rilis Kandidat iki ugā uwis cumawis nang bāsā Jawa. Yén sampéyan péngin nyoba, mānggā diundhuh nang laman kéné.
Saben negārā nduwéni bāsā Nasional dhéwé-dhéwé sing dienggo déning masyarakaté. Negara Indonesia nduwéni Bahasa Indonesia sing dadi bāsā nasional lan bāsā resmi negara. Nanging ora saben negara nduwéni bāsā lokal utāwā daerah. Indonesia kalebu negara sing nduweni bāsā lokal/daerah sing akèh cacahé. Ānā bāsā Jawa, bāsā Sunda, bāsā Bali, bāsā Batak, bāsā Banjar, bāsā Aceh lsp.
Nganti dinā iki WordPress nyengkuyung kabeh bāsā mau dadi bāsā resmi polatan (interface), dokumentasi lan website lokal utamané sing mlebu nang daftar iso 639-3. Éwonan bāsā sadunya cumawis nang daftar iso 639 iki, nanging saiki gunggungé nembé ānā 169 basa, internasional lan lokal sing kedaftar dadi bāsā lokal nang laman resmi WordPress. Negara Indonesia kalebu sing begjā, jalaran ana telung bāsā sing uwis cumawis nduwéni paket bāsā nang WordPress yakui bāsā Indonesia, bāsā Jawa lan bāsā Sunda.
Sākā 169 basa lokal mau ora kabeh nduweni paket rilis WordPress, ānā sing uptodate terus, ānā sing luwih sākā siji, ānā sing nembé sepisanan nduwéni paket rilis malah ānā sing babar blas ora nduweni paket rilis saknajan uwis ngupāyé nerjemahaké nanging ora tau tutug nganti 100 %.
Sesasi kepungkur namung Basa Indonesia sing kalebu bāsā nusantara sing aktif amargā nduwéni luwih sākā siji rilis paket WordPress lan sing pungkasan uwis nduwé rilis versi 4.8.2 dibandingaké bāsā lokal Indonesia liyané yakui bāsā Jawa lan bāsā Sunda. Bās Indonesia ugā kalebu kelompok élit, amargā terus ngupdate terjemahan proyek-proyek utāmā WordPress.
Nanging, saiki…
Persisé tanggal 28 Oktober 2017 (Dinā Sumpah Pemuda) WordPress uwis nduwéni paket rilis bāsā Jawa versi 4.8.2. Mulā ora mung bāsā Indonesia thok nanging ugā ānā bāsā Jawa, lan sing luwih ngedab-edabi saiki bāsā Jawa ugā nduweni rilis paket pangembangan versi 4.9 sing nyebabaké bāsā Jawa mlebu dadi basa sing uptodate utawa kelompok elit bāsā-bāsā nang WordPress kayata bāsā Jerman, bāsā Jepang, bāsā Rusia lsp. Cacahé namung 14 bāsā sakdunya, mulané mangga sami-sami disengkuyung proyek penerjemahan bāsā Jawa menikā supāyā bāsā Jawa tetep lestari lan tetep dadi kelompok elit terjemahan bāsā-bāsā lokal nang WordPress.
Uwis suwé banget, kurang luwih limang tahun kepungkur WordPress nduwéni versi undhuhan nganggo bāsā Jawa yakuwi versi 3.x. Saiki WordPress uwis ānā versi 4.8 lan versi 4.9 sing ésih pangembangan, nanging durung ānā Paket Rilis versi bāsā Jāwā sing cumawis.
Sewulan kepungkur iki Tim Penerjemah Bāsā Jawa kerja keras, kerjā marathon kanggo nerjemahaké versi 4.8. Alhamdulillah versi 4.8 iki uwis kasil diterjemahaké kanthi 100% lan versi pangembangan 4.9 uwis mlebu 99%.
Uwis dadi cita-citané Tim Penerjemah bāsā Jawa, WordPress versi 4.x kudu nduwéni versi bāsā Jawa saora-orané ānā siji sing cumawis. Lan versi 4.8 iki sing diandalaké dadi caloné. Sakdurungé versi resminé cumawis “mānggā dipuncobi” versi kandidat sing saged Panjenengan undhuh.