Tepas

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Sugeng rawuh ing Wikipédia Jawa
bauwarna mardika basa Jawa

Gunggung artikel: 56.310


Artikel pethingan Wikipédia iku apa?
Pos strep.JPG

Lara gorokan streptokokus utawa faringitis streptokokus iku lelara kang disababaké bibit lelara aran “gugus bakteri streptokokus A”. Lara gorokan jinis iki namani gorokan, amandhel (klanjer cacah loro wujud lonjong ing gorokan, ing buri cangkem), lan bisa uga kothak swara (laring). Tandha-tandhané kang lumrah kaya ta panas, gorokan karasa lara (uga ingaran pancingen), lan abuhing klanjer (ingaran klanjer getah wening) ing gulu. Sapréné, ana 37 kasus lara gorokan kang kalakon ing bocah cilik.

Lara gorokan streptokokus sumebar lumantar sénggolan raket wong kang nandhang. Saperlu mesthèkaké 100 persèn yèn wong kataman lara gorokan streptokokus, tès aran kultur gorokan prelu katindakaké. Éwa samono, tanpa tès mau, kasus kang dinuga lara gorokan bisa konangan saka tandha-tandha kang muncul. Ing kasus-kasus kang dinuga utawa kang wis pesthi, antibiyotik (tamba kang mbrastha baktèri) bisa ngéndhani lelara supaya ora mundhak mbebayani lan bisa ngrerikat kawarasan. (Waca candhaké)

Wikipédia iku bauwarna utawa ènsiklopédhi kang kena dibesut, diturun, lan didum sapa baé kanthi mardika. Ing Wikipédia Jawa, nganti saiki ana wong 39.965 kang tau njajal awèh kawruh nganti karipta 56.310 artikel ing basa Jawa.

Wikipédia iku nampa sapa baé kang kapéngin awèh kawruh, kalebu panjenengan. Ayo padha mèlu paguyuban Wikipédia kang mbudidaya ngamardika kawruh!


Gambar pethingan Dina iki kala kawuri

Petrol station in Bénin.jpg
Lenga patra kaadol sarana gendhul (racaké gedhul likir (liquor)) ing Bénin. Ana éwon warung ing kutha krajan Cotonou kang bisa disinggahi pit montor kang arep ngisi lenga. Ujaré kandha, lenga patra mau iku kaimpor kanthi ilégal lumantar sagara saka Nigér. Cotonou dadi salah siji kutha kang udarané reged banget ing Afrikah Kulon amarga ananing puluhan éwon pit montor.


Proyèk liya