Wikipedia:Pendhapa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Sugeng rawuh ing Wikipédia Jawa
bauwarna mardika abasa Jawa kang diyasa sarana gugur-gunung
kang saiki ngemu 64.171 artikel
Endhasing reca Buddha ing Barabudhur kang kapajang ing Tropenmuseum, Amsterdam.
Endhasing reca Buddha ing Barabudhur kang kapajang ing Tropenmuseum, Amsterdam.
Barabudhur (éjaan Indonésia: Borobudur) iku papan pamujaning para pandhèrèk Buddha Mahayana saka abad ka-9 kang kapernah ing Kabupatèn Magelang, ora adoh saka Munthilan, ing Jawa Tengah, Indonésia. Papan iku minangka papan pamujan Buddha kang gedhé dhéwé ing sajagat. Papan pamujané dhapur tlundhag (platform) sungsun sanga: kang enem wangun pasagi lan kang telu wangun bunder, mawa stupa panunggul ing pucuk-tengahé, lan rinenggan panil rélièf cacah 2.672 dalah reca Buddha cacah 504. Stupa panunggulé dikupeng reca Buddha cacah 72 kang sabené mapan ing sajeroning stupa kang bolong-bolong. Kaadegaké ing abad ka-9 nalika trah Syailéndra jumeneng nata, rancanganing papan pamujan iku linambaran tata yasan (arsitèktur) Buddha-Jawa kang nyarubaké anasir kapitayan memuja leluhur kang Indonésia lugu karo kapitayan nggayuh nirwana kang saka agama Buddha. (Waca candhaké)

Topeng Ireng (8).jpg
Topèng Ireng minangka siji kagunan jogèd kang ngrembaka ing
pèrènging Gunung Merapi lan Gunung Merbabu kawit jaman Walanda nganti 1960-an.

Wikipédia iku bauwarna (encyclopedia) kang cumepak ing manéka basa (multilingual) tur olèh dibesut (edit), diturun (copy), lan dipandum (share) sapa baé kanthi mardika (free). Amarga cumepak ing manéka basa, mula ana Wikipédia basa Jawa iki kang kababar ing surya 8 Maret 2004. Saben wong olèh mbesut, nurun, lan mandum kaca ing Wikipédia iki. Tegesé, kowé bisa mèlu ngripta utawa nggawé artikel anyar, ndandani artikel kang durung becik, mulihaké artikel kang dirusak wong ala, lan sapanunggalané. Wong-wong kang tumandang mangkono aran naraguna (user). Kowé bisa nyawiji karo para naraguna liya ing paguyuban saperlu nuwuhaké, ngrembakakaké, lan ngregengaké Wikipédia iki. Wikipédia iki minangka salah siji barang wetoning Wikimedia Foundation, siji pakumpulan nirlaba, kang kanggo wong akèh tur lelahanan (gratis). Kowé ora perlu mbayar saperlu nggawé akun lan maca artikel ing Wikipédia iki. Sapréné, wis ana 48.332 akun lan 64.171 artikel ing Wikipédia basa Jawa. Ayo ngéwangi mbecikaké Wikipédia Jawa iki!
Dina iki