Tepas

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Sugeng rawuh ing Wikipedia Jawa.png
Sugeng rawuh ing Wikipédia Jawa
bauwarna mardika basa Jawa

Gunggung artikel: 57.718


Artikel pethingan Wikipédia iku apa?
Potografi dijupuk saka Téléskop Njaba Akasa Hubble cedhak Bumi ing taun 2013.
Potografi dijupuk saka Téléskop Njaba Akasa Hubble cedhak Bumi ing taun 2013.
Proxima Centauri iku lintang katai abang kang manggon adohé 4,2 taun cahya (3,97×1013 km). Lintang iki ana ing rasi lintang Centaurus. Proxima Centauri tinemu nalika taun 1915 déning Robert Innes, Dirèktur Observatorium Union ing Afrika Kidul. Lintang iki wujud lintang paling cerak saka srengéngé, sanajan mbleret banget kanggo dideleng nganggo mata langsung. Leté menyang lintang paling cerak kaloro lan katelu (kang sistem lintang gandha Alpha Centauri) ya iku 0,237 ± 0,011 taun cahya (15.000 ± 700 ékan astronomi). Proxima Centauri kamungkinan wujud péranganing sistem lintang telu bebarengan karo Alpha Centauri A lan B. (Waca candhaké)

Wikipédia iku bauwarna utawa ènsiklopédhi kang kena dibesut, diturun, lan didum sapa baé kanthi mardika. Ing Wikipédia Jawa, nganti saiki ana wong 44.732 kang tau njajal awèh kawruh nganti karipta 57.718 artikel ing basa Jawa.

Wikipédia iku nampa sapa baé kang kapéngin awèh kawruh, kalebu panjenengan. Ayo padha mèlu paguyuban Wikipédia kang mbudidaya ngamardika kawruh!


Gambar pethingan Dina iki kala kawuri

Descent of Phoenix with a crater in the background taken by Mars Reconnaissance Orbiter.jpg
Gambar dipotrèt déning Mars Reconnaissance Orbiter nampilaké Phoenix (wahana antariksa) kang mudhun nggunakaké parasut, latar mburiné yaiku kawah Heimdall ing planit Mars. Sanajan ing gambar katon Phoenix mudhun menyang kawah, nanging sejatiné mudhun ing njabané kawah udakara 20 kilomèter adohé.


Proyèk liya