Tepas

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

꧋ꦱꦸꦒꦼꦁꦫꦮꦸꦃꦲꦶꦁꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦣꦶꦪꦗꦮ꧈ꦧꦲꦸꦮꦂꦤꦧꦺꦧꦱ꧀ꦧꦱꦗꦮ꧉
Sugeng rawuh ing Wikipédia Jawa
bauwarna bébas abasa Jawa

Gunggung artikel: 55.922
Ora bisa ndeleng aksara Jawané?


Artikel pethingan Wikipédia iku apa?
Montage Bordeaux 1.jpg

Bordeaux inggih punika salah satunggalipun kitha ingkang wonten ing Prancis. Bordeaux dipunsebat kitha plabuhan ingkang mapan ing kidul-kilèn Prancis. Bordeaux punika kutha krajanipun wewengkon administratif Aquitaine, lan mlebet Dhépartemèn Gironde. Kitha Bordeaux dados kitha paling ageng urutan kaping gangsal ing Prancis, sasampunipun Paris, Lyon, Marseille lan Lille. Taun 2007 Kitha Bordeaux dipunresmékaken minangka situs warisan donya UNESCO. Bordeaux misuwur minangka Kitha Anggur. Bordeaux sampun mrodhuksi anggur awit abad angka 8. Kitha punika dados panyelenggara adicara pamèran indhustri anggur Vinexpo. Bordeaux ugi dados kitha kanggé panalitén babagan militèr.

Bordeaux kalebet punjering sajarah nagara Prancis ingkang gadhah manéka warni wangunan kanthi arsitèktur ingkang saé, dipundamel ing jaman kapengker, ingkang ngantos kawitanipun abad kalih dasa taksih dipunjagi. Sasampunipun wangunan Kitha Paris, wangunan ing Kitha Bordeaux punika wangunan ingkang dipunreksa déning pamaréntah Prancis. Bordeaux dipunakeni gadhah jasa minangka punjering sajarah Prancis awit abad kalih welas. (Waca candhaké)

Wikipédia iku bauwarna utawa ènsiklopédhi kang kena dibesut, diturun, lan didum sapa baé kanthi mardika. Ing Wikipédia Jawa, nganti saiki ana wong 39.728 kang tau njajal awèh kawruh nganti karipta 55.922 artikel ing basa Jawa.

Wikipédia iku nampa sapa baé kang kapéngin awèh kawruh, kalebu panjenengan. Ayo padha mèlu paguyuban Wikipédia kang mbudidaya ngamardika kawruh!


Gambar pethingan Dina iki kala kawuri

Panoramic sunset in Conques 02.jpg
Sesawangan ing Conques, Aveyron, Prancis rikala surup


Proyèk liya