Jumuwah

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Salat Jemuwah ing Univèrsitas Tèknologi Malaysia.

Jemuwah (asring uga disebut Jumuwah, Jumaah, Jum'at, utawa Jumat), iku dina kaenem jroning kalèndher Jawa, sawisé Kemis lan sadurungé Setu. Jeneng Jemuwah dijupuk saka basa Arab kang tegesé ramé. Ing dina iki umat muslim ramé-ramé ngayahi salat jamaah bebarengan ing mesjid minangka gantiné salat luhur.

Jeneng liya kanggo dina Jemuwah ya iku Sukra, kang dijupuk saka basa Sangskreta kang tegesé Venus, mèmper karo pangertèn jroning basa-basa ing Éropah.

Uga delengen[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]