Shinobi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Sketsa ninja karya seniman Hokusai. Teknik cetak kayu ing kertas. Hokusai manga, volume nem, 1817.

Shinobi utawa Ninja (忍び utawa 忍者?) (ing basa Jepang, manut harfiah maknané "wong kang mlaku sacara rahasia") ya iku telik sandi ing zaman feodal ing nagara Jepang kang wis dilatih khusus seni ninjutsu (seni perobahan sunyi) Jepang.[1] Kaya samurai, para Shinobi uga patuh karo peraturan khasé dhéwé , kang disebut ninpo.[1] Miturut para pengamat ninjutsu, kapinterané shinobi iku ora kanggo mateni, nanging kanggo telik sandhi.[1]

Shinobi nganggo klambi kang nutupi sakujuré awak kejaba telapak tangan lan bagéyan mata.[1] Klambiné iku diarani shinobi shozoko. shinobi shozoko ana telung werna.[2] kang Baju werna ireng biasa dienggo nalika tugas ing wayah wengi lan bisa dadi tandha yèn targèté wis mesti mati.[2] Werna putih kanggo tugas nalika wayah salju.[2] Werna ijo dadi kamuflase supaya ora bisa didelok nalika ning alas.[2]

Shinobi shozoko duwé sak akèh banget ing jeroné lan jabané.[2] Saké iku kanggo nyimpen gaman-gaman cilik lan barang kang dibutuhaké, kayata racun, shuriken, pisau, bom asap lan liya-liyané.[2] Shinobi uga gawa kotak P3K cilik tradisional, kang isiné obat lan banyu.[2] Shinobi uga nganggo tabi(sepatu) kang kaya sepatu boot.[2]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d Shinobi(3 Oktober 2011)
  2. ^ a b c d e f g h Shinobi(3 Oktober 2011)