Oyod

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Oyot sawijining wit

Ing tanduran vaskuler, oyod utawa oyot iku organ tanduran sing biasané kependhem ing ngisor lapisan lemah. Iki dudu pakem, amarga ana oyod sing aerial (tuwuh ing ndhuwur lapisan lemah) utawa aerating (tuwuh sadhuwuré lemah utawa utamané ing ndhuwur banyu). Apa manèh, batang sing biasané wiwit ing ngisor lemah iku uga ora mesthi (deleng rhizome).

Bagéyan oyod sing metu pisanan saka batang kasebut radikel. Fungsi utama oyod ya iku:

  1. nyedhot banyu lan nutrien inorganik
  2. nebakké awak tanduran ing lemah