Kuping

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Kuping (Talingan)
Earrr.JPG
Human (external) ear
Latin Cras

Kuping iku sawijining organ sing bisa ndhetèksi utawa ngenal swara.

Kupingé kéwan vertebrata dhasaré padha saka iwak tekan manungsa, kanthi sapérangan variasi selaras karo fungsi lan spesies.

Saben vertebrata nduwèni sapasang kuping, siji lan sijiné panggonané simetris ing bagéyan sing walikan ing sirah, kanggo njaga kaseimbangan lan lokalisasi swara.

Swara iku wangun energi sing obah ngliwati udara, banyu, utawa barang liyané, ing sawijining gelombang. Sanajan kuping sing ndhetèksi swara, fungsi pangenalan lan interpretasi dilakokaké ing utek lan sistem saraf pusat. Rangsangan swara dikirim nuju otak liwat saraf sing nyambungaké kuping lan utek (nervus vestibulokoklearis).

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Struktur Anatomi Kuping - sunting
Kuping njaba: Godhong kuping | Bolongan kuping 

Kuping tengah: Gendhang kuping | Balung pangrungu (MartilLandhesan & Sanggurdi) | Otot stapedius | Otot tensor tympani | Saluran Eustachi

Kuping njero: Koklea (Skala vestibuliSkala media & Skala timpani) | Tingkap oval | Helikotrema | Tingkap bulat | Membran basilaris | Membran Reissner | Organo corti | Sel rambut | Stereosilia

Cuwèran kuping: Endolimfe | Perilimfe

Nervus vestibulocochlearis

Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.