Itali

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
(Dilih saka Italia)
Repubblica Italiana
Gendéra Lambang nagara
Motto: "L'Italia è una Repubblica democratica, fondata sul lavoro" — "Italia iku republik sing dhémokratis, dibangun ing dhuwuré kasil karyané"
Antem: Il Canto degli Italiani
Kutha krajan
lan paling gedhé
Roma
Basa resmi Italia 1
Papréntahan Républik
 •  Presiden Giorgio Napolitano
 •  Perdana Menteri Enrico Letta
Kamanunggalan
 •  Banyu (%) 2,4%
Cacah jiwa
 •  Rantaman 2005 58.103.033 (23)
 •  Cacah sirah - -
GDP  (PPP) Rantaman 2005
 •  Gunggung US$1.620 milyar (8)
 •  Per kapita US$27.984 (20)
Valuta Euro 2 (EUR)
Zona wektu (UTC+1)
 •  Mangsa Panas (DST)  (UTC+2)
Kodhé bèl 39
TLD Internèt .it
1. Basa Prancis uga minangka basa resmi ing Valle d'Aosta; basa Jerman uga minangka basa resmi ing Trentino-Alto Adige. 2. Valuta sadurungé 1999 iku Lira.

Itali resminé Républik Itali (basa Italia: Repubblica Italiana), iku nagara ing bawana Éropah lan loro pulo gedhé ing Segara Mediteran, Sisili lan Sardinia. Padunungé cacahé kira-kira ana 60 yuta. Kutha krajanné iku Roma. Itali wewatesan ing sisih lor karo pagunungan Alpen, sarta duwé tapel wates karo nagara-nagara Prancis, Switserlan, Ostenrik lan Slovénia. Nagara mardhika San Marino lan Kutha Vatikan iku minangka enclave jroning Ujung Italia, déné Campione d'Italia iku minangka sawijining exclave Italia ing nagara Switserlan.

Itali wis dadi papan kanggo werna-werna budaya Éropah, kayadéné Etruscans lan Roman, lan uga panggonan kelairan obahan Renaissance, kang diwiwiti ing Toscano lan nyebar ka saindhenging Éropah. Kutha krajan Itali, Rum wis dadi pusat peradaban Kulon, lan pusat Greja Katulik.

Dina iki, Itali iku nagara Républik demokratik, lan nagara maju kanthi GDP nomer 7 sadonya, naomer 8 ing Indeks Kualitas Urip,[1] lan rangkong nomer 20 ing donya bab Indèks Pembangunan Manungsa. Italia uga minangka salah siji pangadeg Uni Éropah (kang nandha tangani prajanjèn Treaty of Rome ing taun 1957), lan uga anggota klpmpok nagara G8, Dewan Éropah, Uni Éropah Kulon, lan Inisiatif Éropah Tengah. Wiwit tanggal 1 Januari, 2007, Italia dadi anggota ora tetep Dewan Keamanan PBB.

Laladan[besut | besut sumber]

Italia dipérang dadi 20 laladan (regioni, tunggal: regione); lima ing antarané ndarbèni status otonomi khusus, ditandhani nganggo *:

Kabèh laladan, saliyané Valle d'Aosta, dipérang manèh dadi loro propinsi utawa luwih.

Kutha gedhé[besut | besut sumber]

Kutha-kutha ing Italia kanthi padunung 300,000 jiwa utawa luwih (data ISTAT, Desember 2006):

Pos. Common Region Prov. Padunung
1 Roma Lazio RM 2,705,603
2 Milan Lombardia MI 1,303,437
3 Napoli Campania NA 1,005,139
4 Turin Piemonte TO 975,139
5 Palermo Sisilia PA 666,552
6 Genoa Liguria GE 615,686
7 Bologna Emilia-Romagna BO 373,026
8 Firenze Toscana FI 365,966
9 Bari Apulia BA 325,052
10 Catania Sisilia CT 301,564

Laladan Metropolitan[besut | besut sumber]

Miturut OECD[2], laladan metropolitan utama ing Italia ya iku:

Metropolitan area Padunung
Milan 7.4 yuta
Roma 3.8 yuta
Napoli 3.1 yuta
Turin 2.4 yuta

Réferènsi[besut | besut sumber]

Uga delengen[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Cithakan:Uni Éropah


Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Itali&oldid=1118036"