G-20

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
G20

G-20 utawa Kelompok 20 nagara-nagara ékonomi gedhé iku klompok 19 nagara kanthi ékonomi gedhé ing donya ditambah Uni Éropah. Sacara resmi, G-20 dijenengaké The Group of Twenty (G-20) Finance Ministers and Central Bank Governors utawa Klompok Rongpuluh Mentri Kauangan lan Gubernur Bank Sentral. Klompok iki dianakaké taun 1999 minangka forum sing sacara sistematis ngimpun kakuwatan-kakuwatan ékonomi maju lan temuwuh kanggo ngrembug isu-isu utama ngenani ékonomi donya. Patemon pisanan G-20 lumangsung ing Berlin, 15-16 Desember 1999 lan sing dadi tuwan omah menteri kauangan Jerman lan Kanada.[1]

Latar mburi pambentukan forum iki diwiwiti anané Krisis Kauangan 1998 lan panemu sing muncul ing forum G-7 ngenani kurang efektif-é patemon iku yèn ora ngajak kakuwatan-kakuwatan ékonomi liya supaya kaputusan-kaputusan sing digawé nduwèni prabawa sing luwih gedhé lan ngrungokaké kepentingan-kepentingan sing mbokmanawa ora kacakup jroning klompok ciliki iku. Klompok iki ngimpun mèh 90% GNP donya, 80% total dol tinuku donya lan rong protelon padunung donya.

Minangka forum ékonomi, G-20 luwih akèh dadi ajang konsultasi lan kerja sama bab-bab sing magepokan karo sistem moneter internasional. Ana patemon sing tumata kanggo nyinaoni, ninjo, lan nyurung dhiskusi ing antara nagara industri maju lan lagi tumuwuh ngenani kawicaksanan-kawicaksanan sing tumuju marang stabilitas kauangan internasional lan golèk upaya-upaya ngatasi masalah sing ora bisa diatasi déning siji nagara tinamtu waé.

Anggota[besut | besut sumber]

G-20 ora nduwèni staf tetep. Kursi ketua dirotasi ing antara anggota-anggotané lan diwengku déning Troika sing anggotané telu anggota: ketua taun lumaku, ketua taun kapungkur, lan ketua taun sabanjuré. Sistem iki pinilih kanggo njamin kesinambungan kagiatan lan pangelolaan. Ketua taun lumaku mbuka sekretariat ora tetep sing buka mung sajroning masa tugasé.

Sebagéan gedhé anggota ya iku nagara-nagara kanthi purchasing power parity paling gedhé lan sethithik modifikasi. Walanda, Polen, lan Spanyol, sing klebu big 20, diwakili déning Uni Éropah. Iran lan Taiwan ora diilokaké. Thailand uga ora diilokaké, senadyan posisiné sadhuwuring Afrika Kidul.

Nagara-nagara anggota
  1.  Argentina
  2.  Australia
  3.  Brasil
  4.  Kanada
  5.  Republik Rakyat Tiongkok
  6.  Prancis
  7.  Jerman
  8.  India
  9.  Indonesia
  10.  Italia
  11.  Jepang
  12.  Mèksiko
  13.  Rusia
  14.  Arab Saudi
  15.  Afrika Kidul
  16.  Koréa Kidul
  17.  Turki
  18.  Britania Raya
  19.  Amérika Sarékat
  20.  Uni Éropah

Patemon G-20[besut | besut sumber]

Patemon G-20/G-20 Summits of Financial Ministers dianakan setaun sepisan ing nagara sing dadi anggota G-20. Patemon G-20 pisanan dianakaké ing Berlin,Jerman taun 1999. Indonesia bakal dadi tuwan omah patemon G-20 ing taun 2013.

Cathetan[besut | besut sumber]

  1. ^ What is the G-20 Situs resmi G-20
  2. ^ Patemon iki lumangsung 15-16 November 2008 ing Washington DC, jroning sawasana Krisis Kauangan 2008. Pirsani warta ing The Guardian daring
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=G-20&oldid=1091652"