Komunisme

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa

Komunisme iku ideologi ing donya. Penganut faham iki asal saka Manifest der Kommunistischen sing tinulis déning Karl Marx lan Friedrich Engels. Sawijining manuskrip pulitik sing pisanan dibabar ing tanggal 21 Februari 1848 téori ngenani komunis sawijining analisis pendekatan marang perjuangan kelas (sejarah lan masa kini) lan ékonomi kasejahtran sing sabanjuré tau dadi salah siji obahan sing paling nduwèni prabawa jroning jagad pulitik.

Komunisme, wiwitané arupa sawijining korèksi marang faham kapitalisme ing wiwitan abad kaping-19an, jroning swasana sing nganggep yèn kaum buruh lan pekerja tani mung bagéyan saka produksi lan sing luwih mentingaké kasejahtran ékonomi. Ananging, jroning perkembangan sabanjuré, muncul sawetara faksi internal jroning komunisme antara penganut komunis teori karo komunis revolusioner sing saben faksi nduwèni téori lan cara perjuangané sing béda-béda jroning nggayuh masarakat sosialis kanggo nuju masarakat utopia.

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Komunisme&oldid=1081908"