Prancis

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
République française
Bendera Perancis
Motto: Liberté, Egalité, Fraternité
(Basa Prancis: Kabebasan, Kaadilan, Paseduluran)
Lokasi Perancis
Basa resmi Basa Perancis
Kutha krajan Paris
Kutha paling gedhé Paris
Presiden François Hollande
Perdana Mentri Manuel Valls
Wewengkon
 - Total1

 - Prancis Metropolitan2

 - % air
Urutan ka-42
674,843 km²
Urutan ke-47
551.695 km²
543.965 km²
0,26%
Padunung
(1 September 2006)
 - Total1
 - Prancis Metropolitan2
 - Kapadhetan2
Urutan ka-20

61.045.000
60.560.000
111/km²
PDB (PPP)
  - Total (2003)
  - PDB/wong
Urutan ka-5
$1,661 trilyun
$27.600
Mata uang Euro (€)3, Franc CFP4
Zona wektu
 - dalam musim panas
CET (UTC+1)2
CEST (UTC+2)2
Lagu kabangsan La Marseillaise
TLD .fr
Kodhe telepon 33

1 Kabèh wewengkon Républik Prancis, klebu kabèh departemen lan wewengkon jaban rangkah, ora klebu Terre Adélie ing Antartika amarga kadhaulatan ditunda wiwit ditapak asmani Persetujuan Antartika taun 1959
2 Metropolitan (bagian Éropah) saka Prancis waé
3 Kabèh Républik Prancis ora klebu wewengkon jaban rangkah ing Samudra Pasifik
4 Wewengkon Républik Prancis ing jaban rangkah ing Samudra Pasifik waé

Peta pamérangan administratif Perancis miturut région

Républik Prancis utawa Parangakik (basa Prancis: République française, Walanda: Frankrijk) iku nagara gedhé ing Éropah. Kutha krajanné Paris. Saliyané ing dharatan Éropah, wewengkoné uga nyakup sawetara pulo lan wewengkon ing bawana liya. Prancis Metropolitan mbentang saka Segara Tengah nganti Selat Inggris lan Segara Lor, sarta saka Kali Rhein nganti Samudera Atlantik. Wangun wewengkon iki wujudé segi enem saéngga diparabi l'Hexagone ("Sang Segienem").

Ing dharatan, Prancis diwatesi déning Belgi, Luxemburg, Jerman, Switserlan, Itali, Monako, Andorra, lan Sepanyol. Prancis lan Inggris dihubungaké déning Terowongan Channel kang nembus dhasar Selat Inggris. Ing jaba wewengkon metropolitané, Prancis uga nduwé wates karo Brasil, Suriname, lan Antillen Walanda.

Républik iki nganut dhémokrasi kang nganut sistem semi-presidensial. Idhe-idhe pokok kamot jroning La Déclaration des droits de l'Homme et du citoyen (Dheklarasi hak menungsa lan warga). Minangka telu nagara gedhé ing Uni Éropah bebarengan karo Britania Raya lan Jerman, Prancis minangka salah siji pangadeg Uni Éropah lan minangka anggota kanthi jembar wewengkon kang paling amba. Prancis uga minangka salah siji pangadeg Perserikatan Bangsa-Bangsa kang dadi salah siji anggota tetep Dewan Keamanan PBB kang nduwé hak véto.

Prancis misuwur kanthi jagad adibusana (fashion), roti, anggur, musik, sepur super cepet TGV, lan resor-resor ski ing Pagunungan Alpen, cedhak tapel wates karo Switserlan. Jeneng "Prancis" marisi jeneng sawijining karajaan Jermanik kang wewengkoné tau nyakup laladan iki sawisé runtuh Kasésaran Ngerum, ya iku karajaan Franka.

Sajarah[besut | besut sumber]

Artikel baku kanggo kategori iki ya iku Sajarah Prancis.
Delengen uga: Dhémografi pertengahan and Sajarah ékonomi Prancis

Roma nganti revolusi[besut | besut sumber]

Tapel wates Prancis modhèrn padha karo Galia kuna, sing dipanggoni déning Galia Kelt. Galia dikuwasani Ngerum déning Yulius Sésar ing abad ka-1 SM, lan Galia migunakaké Basa Ngerum (Latin, ing ngendi tuwuhing basa Prancis) lan budaya Ngerum. Kristen mlebu ing abad ka-2 lan 3 M, lan ditetepaké ing abad ka-4 lan 5 saéngga St. Jerome nulis yèn Galia siji-sijiné wewengkon sing "bébas saka kapercayan nyimpang".

Prancis taun 1477. Garis abang: Tapel wates Kerajaan Prancis; Biru terang: Domain kerajaan

Ing abad ka-4 M, pertahanan sisih wétan Galia ing sadawaning Rhine diajuraké déning suku Jermanik, mliginé saka Frank, ya saka bab iki asalé jeneng kuna Francie. Jeneng modhèrn France asal saka jeneng domain feodal Raja Capetia Prancis ing saubengé Paris. Frank ya iku suku pisanan ing antara panguwasa Jermanik ing Éropah sawisé keruntuhan Kesésaran Ngerum lan pindhah agama dadi Kristen Katulik saka kapercayan Arianisme (Raja Clovis pindhah agama ing taun 498); saéngga Prancis antuk julukan "Gereja paling anom" (La fille ainée de l’Église), lan Prancis ngowahi julukan iku dadi "Kerajaan Prancis Paling Kristen".

Madeg minangka entitas kapisah diwiwiti kanthi Perjanjian Verdun (843), kanthi pamérangan Kesésaran Karoling Charlemagne dadi Francia Wétan, Francia Tengah lan Francia Kulon. Francia Kulon ya iku wewengkon sing dikuwasani Prancis modhèrn lan awal saka Prancis modern.

Dinasti Karoling mimpin Prancis nganti 987, nalika Hugh Capet, Duke of France lan Bangsawan Paris, diangkat dadi Raja Prancis. Keturunané, Capetia Langsung, Dinasti Valois lan Dinasti Bourbon, nyawijèkaké nagara liwat manéka perang lan pewarisan dinasti. Monarki iki nggayuh kejayaan sajroning abad ka-17 lan kakuwasan Louis XIV saka Prancis. Wektu semana Prancis nduwèni gunggung padunung paling gedhé ing Éropah (pirsani Dhémografi Prancis) lan nduwèni prabawa gedhé marang pulitik, ékonomi, lan budaya Éropah. Prancis dadi, lan ditetepaké sajroning sawetara wektu, basa umum ing urusan luar negeri. Akèh Pencerahan kedadéyan ing lingkaran intelektual Prancis, lan akèh panemuan ilmiah asal saka èlmuwan Prancis ing abad ka-18. Saliyané iku, Prancis nduwèni manéka jajahan ing Amerika, Afrika lan Asia.

Monarki dadi Républik[besut | besut sumber]

Saben wong nduwèni rong nagara, nagarané lan Prancis.
 

Kerajaan mrintah Prancis nganti Revolusi Prancis, taun 1789, Louis XVI lan garwané, Marie Antoinette, dièksekusi (taun 1793), bebarengan karo èwon warga sipil Prancis liyané. Sawisé manéka skéma pamaréntahan, Napoleon Bonaparte ngrebut pamaréntahan Républik taun 1799, lan dadi Konsul Pisanan, lan banjur dadi Kaisar, apa sing sekarang dikenal minangka Kekaisaran Pisanan (1804–1814). Jroning sawetara perang, pasukané nguwasani sebagéyan gedhé bawana Éropah, lan anggota kulawarga Bonaparte dipitaya dadi raja ing kerajaan-kerajaan sing anyar iku.

Sawisé kekalahan pungkasan Napoleon taun 1815 ing Perang Waterloo, monarki Prancis dibentuk manèh, nanging kanthi watesan konstitusional anyar. Taun 1830, sawijining pambrontakan warga sipil meksa pambentukan Monarki Juli konstitusional, sing lumaku nganti 1848. Républik Kapindho sing berusia pendek iki berakhir taun 1852 nalika Louis-Napoléon Bonaparte memproklamirkan Kekaisaran Kapindho. Louis-Napoléon mundur sawisé kekalahan dalam perang Prancis-Prusia taun 1870 lan rezimnya digantikan déning Républik Ketiga.

Prancis nduwèni jajahan kolonial, jroning manéka bentuk, wiwit awal abad ka-17 nganti 1960-an. Ing abad ke-19 lan 20, imperium kolonial seberang segara globalé paling gedhé kapindho ing donya sawisé Imperium Britania. Ing pucuké, antara 1919 lan 1939, imperium kolonial Prancis kapindho mbentang nganti 12.347.000 kilomèter pesagi (4.767.000 sq mi). Kalebu Prancis Metropolitan, total wewengkon dharatan ing sangisoré kadhaulatan Prancis nggayuh 12.898.000 kilomèter pesagi (4.980.000 sq mi) taun 1920-an lan 1930-an, sing nyakup 8.6% saka total dharatan donya.

Gambar:Schuman Declaration.jpg
Deklarasi Schuman tanggal 9 Mei 1950 ing Quai d'Orsay ing Paris dianggep minangka dhasar madegé Uni Éropah lan dirayakan saben taun minangka Hari Éropah déning UE.

Senadyan menang jroning Perang Donya I lan Perang Donya II, Prancis ngalami akèh kurban lan rugi material (lan senadyan mung sebagéyan cilik teritoriné dikuwasani sajroning Perang Donya I, teritori metropolitané dikuwasani kabèh déning Jerman sajroning perang kapindho). Taun 1930-an ditandhani déning manéka reformasi sosial sing dikenalaké déning pamaréntah Front Populer. Républik Kapapat dibentuk sawisé Perang Donya II lan, saliyané tuwuhing ékonomi sing spektakulèr (les Trente Glorieuses), nagara iki ngupaya nglola status pulitiké minangka nagara bangsa dominan. Prancis ngupaya njaga imperium kolonialé, nanging banjur nuwuhaké masalah. Usaha 1936 kanggo ngrebut manèh kontrol Indocina Prancis ngakibataké Perang Indocina Pisanan, sing wusanané Prancis kalah ing Pertempuran Dien Bien Phu taun 1954. Sawetara sasi sabanjuré, Prancis ngadhepi konflik anyar, lan luwih gedhé ing Aljazair.

Debat ngenani bab mungkin utawa orané njaga kontrol marang Aljazair, sing banjur ‘omah tumrap sak yuta’ penetap Éropah, ngajuraké nagara lan arep ngobaraké perang sipil. Taun 1958, Républik Kapapat sing lemah lan ora stabil owah dadi Républik Kalima, sing nduwèni kakuwasan Presiden luwih dikuwataké. Pemimpin pisanané, Charles de Gaulle ngupaya nyawijèkaké nagara lan mungkasi perang. Perang Aljazair lan perang sipil Prancis-Prancis sing lumaku ing kutha krajan Aljir, rampung kanthi négosiasi damai taun 1962 sing ngasilaké kamardikan Aljazair.

Ing sawetara dekadé pungkasan, rekonsiliasi lan kerjasama Prancis karo Jerman wis mbuktèkaké sentral marang pulitik lan integrasi ékonomi Uni Éropah, kalebu perkenalan euro sasi Januari 1999. Prancis wis mapan ing garis ngarep nagara anggota Uni Éropah sing nyoba manfaataké kasempatan persatuan kauangan kanggo mbentuk sawijining badan pulitik, pertahanan, lan keamanan Uni Éropah sing luwih nyawiji lan mampu. Elektorat Prancis milih nentang ratifikasi Perjanjian Konstitusional Éropah sasi Mei 2005, nanging Perjanjian Lisboa diratifikasi déning Parlemen pada Februari 2008.

Dhémografi[besut | besut sumber]

Artikel utama: Dhémografi Prancis

Padunung Prancis cacahé kurang luwih 62 yuta jiwa. Prancis iku nagara paling padhet ka-19 ing donya. Kutha paling gedhé ing Prancis ya iku Paris, Marseille, Lyon, Lille, Toulouse, Bordeaux, Nice, Strasbourg, Nantes lan Rennes.

Taun 2003, tuwuhing padunung Prancis (ora kalebu imigrasi) nyumbang amèh kabèh tuwuhing padunung ing Uni Éropah. Taun 2004, tuwuhing padunung ya iku 0.68% lan ing taun 2005 gunggung kelairan lan fertilitas terus nambah.

Geografi[besut | besut sumber]

Artikel utama: Géografi Prancis

Wewengkon utama Prancis dumunung ing dharatan Éropah Kulon lan ditambah manèh karo sawetara teritori ing Amerika Lor, Karibia, Amerika Kidul, Samudra Hindia bagéan kidul, Samudra Pasifik, lan Antartika. Teritori kasebut nduwé wangun pamaréntahan saka tataran département d'outre-mer nganti Pays d'outre-mer. Sacara geografis Prancis kapérang dadi 26 région; 21 ing antarané dumunung ing Perancis Dharatan, 1 ing pulo Korsika, lan 4 ing jaba bawana Éropah. Région kabagi manèh dadi département(96 département ing Perancis dharatan). Département kapérang jroning 329 arrondissement, lan arrondissement kapérang dadi 3,879 canton, banjur kapérang manèh dadi 36,569 komunitas.

Région ing Prancis dharatan lan sebrang segara, antara liya ya iku:

  1. Alsace
  2. Aquitaine
  3. Auvergne
  4. Basse-Normandie
  5. Bourgogne
  6. Bretagne
  7. Centre
  8. Champagne-Ardenne
  9. Korsika (status khusus)
  10. Franche-Comté
  11. Haute-Normandie
  1. Île-de-France
  2. Languedoc-Roussillon
  3. Limousin
  4. Lorraine
  5. Midi-Pyrénées
  6. Nord-Pas-de-Calais
  7. Pays de la Loire
  8. Picardie
  9. Poitou-Charentes
  10. Provence-Alpes-Côte d'Azur
  11. Rhône-Alpes

Budaya[besut | besut sumber]

Artikel utama: Budaya Prancis

Delengen uga[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Pamaréntah Prancis

Profil

Wikiplesir duwé panuntun plesir ngenani France.

Budaya

Liyo

Réferènsi[besut | besut sumber]

  1. ^ The New Calendar of Great Men: Biographies of the 559 Worthies of All Ages and Nations in the Positivist Calendar of Auguste Comte, By Frederic Harrison, Macmillan & Co., 1920, pg 630


Région-région Perancis Bendera Perancis

Alsace | Aquitaine | Auvergne | Bourgogne | Bretagne | Centre | Champagne-Ardenne | Franche-Comté | Île-de-France | Korsika | Languedoc-Roussillon | Limousin | Lorraine | Midi-Pyrénées | Nord-Pas-de-Calais | Basse-Normandie | Haute-Normandie | Pays de la Loire | Picardie | Poitou-Charentes | Provence-Alpes-Côte d'Azur | Rhône-Alpes

Region jaban rangkah: Guadeloupe | Guyana Perancis | Martinique | Reunion

Cithakan:Uni Éropah

Cithakan:Dewan Éropah Cithakan:OECD

Cithakan:Latinunion


Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Prancis&oldid=1101749"