Saréngat Islam

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Saréngat Islam lan PKI

Saréngat Islam utawa panulisan cara Indonésia Syariat Islam (Basa Arab: شريعةšarīʿah, ʃaˈriːʕa, "legislation" ugi Hukum Islam, قانون إسلامي qānūn ʾIslāmī) inggih punika angger-angger pranating agami[1] utawi sadaya paugeran ingkang gayut kaliyan ngibadah ingkang sampun dipun sebutaken wonten ing Al-Qur'an saha Hadits. Inggih punika sadaya aturan ingkang nata lampahipun gesang tiyang Muslim Islam. Sasanèsipun aturan ugi ngewrat pirembagan perkawis gesang.

Saréngat saged dideleng saking segi basa utawi istilahipun.[2] Saking segi basa, saréngat jarwané margi ingkang dipunlangkungi nanging saking segi istilah jarwané gandhèng-cènèng manungsa kaliyan Allah, manungsa kaliyan satunggalipun, lan manungsa kaliyan alam.[2] Saréngat ugo saged gadhah jarwa aturan ingkang ngéngini kaliyan kelakuanipun manungsa.[3] Kejawi punika, saréngat jarwané tujuan gesang manungsa inggih punika alam ndonya lan akérat.[4] Saréngat kantuk pinara kalih bab, ya iku ibadah lan mu'amalah.[2]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ Kamus Basa Jawa Kanisius (2011:640)
  2. ^ a b c Lembaga Pembinaan dan Pengembangan Agama Islam Universitas Islam Indonesia (2006). Akidah Islam. Yogyakarta: UII Press. k. 79. ISBN 979-8413-09-1. 
  3. ^ "Pengertian Syariah Menurut Para Ahli". Dilihatnya. Dijupuk 15 November 2015. 
  4. ^ "Pengertian Syariah Menurut Para Pakar". Pengertian Pakar. Dijupuk 15 November 2015. 

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Saréngat_Islam&oldid=1104712"