Lém

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Lém

Lém iku barang pliket kang biyasane arupa cairan kang bisa nempelake 2 barang utawa luwih. Lem bisa digawé saka kewan utawa tanduran, utawa bahan kimia saka lenga.

Lem pisanan dinyana cairan alami saka wit kang ditebas. Banjur wong gawé lem kanthi nggodhog sikil, balung, utawa balung nom saka kewan. Pirang-pirang lem kuwat pisanan digawé saka balung iwak, karet, utawa susu. Lem pisanan ditemokake déning Harry Coover ing taun 1750.

Lem sederhana bisa digawé ing omah kanthi ncampurake gandum karo banyu. Lem iki bakalan bisa nempelake potongan-potongan kertas. Akèh seni kang bisa digawé kanthi migunakake lem. Kliping iku karya seni kang digawé kanthi migunakake lem kanggo nempelake barang-barang awarna ing kertas.

Pirang-pirang lem bisa digawé kanggo nahan banyu supaya ora mlebu ing perahu, bangunan, utawa kendaraan. Ing kasus iki, lem bisa diarani ca(u)lk. Pirang-pirang lem gawéyan manungsa, kaya kayu, digawé migunakake les kanggo nempelake potongan-potongan cilik saka bahan utawa bubuk.

Akeh lem kang aman, nanging akèh lem kang duweni kandhungan kimia kang ambune badheg. Pirang-pirang wong ngambu lem kaya iku supaya ngrasa nyaman. Kadhang-kadhang wong salah ngambu uape. Iki ora apik banget amarga bahan kimia iku kerep ana racune lan bisa nyebabake rusake otak utawa lara.

Cathetan Sikil[besut | besut sumber]


Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Lém&oldid=1078453"