Kutha Surabaya

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Surabaya)
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Surabaya
کَوتَ سُرَبَيَ
ꦑꦸꦛꦯꦸꦫꦧꦪ
Kutha gedhé
Saka kiwa ndhuwur, manut dom jam: reca Sura lan Baya ing Kebon Raja Surabaya, Kreteg Suramadu, Tugu Pahlawan, Tunjungan Plaza
Saka kiwa ndhuwur, manut dom jam: reca Sura lan Baya ing Kebon Raja Surabaya, Kreteg Suramadu, Tugu Pahlawan, Tunjungan Plaza
Official seal of Surabaya کَوتَ سُرَبَيَ ꦑꦸꦛꦯꦸꦫꦧꦪ
Lambang
Peparab: Kota Pahlawan
(Kuthaning Para Wira)
Sesanti: Sparkling Surabaya
Pernahé Surabaya ing Jawa Wétan
Pernahé Surabaya ing Jawa Wétan
Koordhinat: 7°15′55″S 112°44′33″E / 7.26528°S 112.74250°E / -7.26528; 112.74250Koordhinat: 7°15′55″S 112°44′33″E / 7.26528°S 112.74250°E / -7.26528; 112.74250
Nagara  Indonésia
Provinsi Coat of arms of East Java.svg Jawa Wétan
Didunungi kawit 31 Mèi 1293
Pamaréntahan
 • Walikutha Tri Rismaharini (PDI-P)
 • Wakil walikutha Wisnu Sakti Buana
Laladan
 • Kutha gedhé 350,5 km2 (1,353 sq mi)
 • Métro 2.787 km2 (1,076 sq mi)
Élepasi 5 m (16 ft)
Cacah warga (Sènsus 2010 [1])
 • Kutha gedhé 2.765.487
 • Métro 6.484.206
Demonym(s) Surabaya
Dhémografi
 • Golongan ètnis Jawa
Cina
Indhi
Madura
Sundha
Minangkabo
Batak
Banjar
Bali
Bugis
 • Agama[2] Islam 86,53%
Kristen 8,09%
Katulik 3,20%
Buda 1,13%
Hindhu 0,26%
Konghucu 0,10%
Liyané 0,02%
Kodhe laladan +62 31
Plat montor L
Situs wèb surabaya.go.id
Kutha Surabaya
Cina 泗水

Kutha Surabaya iku kutha krajané Provinsi Jawa Wétan, Indonésia. Jembar wewengkoné watara 274,06 km². Kutha iki kutha gedhé urut loro sawisé Jakarta. Nanging, yèn Jakarta dipérang miturut wewengkon administratif ya iku Jakarta Pusat, Jakarta Lor, Jakarta Kidul, Jakarta Wétan, Jakarta Kulon, lan Kapuloan Seribu, Surabaya ora. Mula, ngélingi tunggalé wewengkon administratif, Surabaya bisa ingaran kutha sing gedhé dhéwé sa-Indonésia. Surabaya uga minangka papané kumpul para sudagar saka bang tengah lan wétan Indonésia. Présidhèn Indonésia kapisan, ya iku Soekarno, miyos ing kutha iki.

Sajarah[besut | besut sumber]

Jeneng Surabaya wiwit ana nalika jamané Majapahit.[3] Jeneng Surabaya mawujud saka rong tembung, ya iku "sura" lan "baya".[3] Tembung rékan iku sajatiné kanggo nandhani prastawa héroik sing naté kadadéan ing Ujung Galuh, ya iku prastawa perang antarané wadya Radèn Wijaya lumawan wadya saka Tar-Tar nalika tanggal 31 Mèi 1293.[3] Tanggal kadadéan iku banjur dadi tanggal lairé Kutha Surabaya.[3]

Purwakané Surabaya iku awujud padésan ing pinggir kali. Jeneng-jeneng désa sing isih dienggo tekan sapréné kaya ta Kaliasin, Kaliwaron, Kalidami, Ketabangkali, Kalikepiting, Darmakali, lan sapituruté nandhani yèn Surabaya iku papan kang akèh mumpangataké kali.[3]

Amarga dumunung ing pinggiré segara, Surabaya uga dadi papan patemoné wong ing alas Jawa karo wong njaba.[3] Nalika taun 1612, Surabaya dadi salah siji punjeré dagang ing Nusantara.[3] Akèh prau kang labuh ing Kali Mas banjur tumuju njeron Surabaya.[3]

Kutha Surabaya uga ana gegayutané karo révolusi kamardikan Indonésia.[3] Wiwit jamané jajahan Walanda uga Jepang, arèk Surabaya perang kanggo mersudi kamardikané Indonésia.[3] Prastawa mau kadadéan nganti tekan tanggal 10 Novèmber 1945 nalika arèk-arèk Surabaya kasil nguwasani Hotèl Oranye (saiki Hotèl Majapahit) kang nalika iku dadi simbulé kolonialisme.[3] Awit saka iku, tekan sapréné tanggal 10 Novèmber dianakaké upacara kanggo mèngeti Dina Pahlawan.[3] Ora mung iku, tetabetané masa panjajahan uga isih katon ing Kutha Surabaya awujud yasan-yasan kolonial.[3]

Géografi[besut | besut sumber]

Alang-ujur[besut | besut sumber]

Kutha Surabaya mapan ing 07° 21' Ujur Kidul lan 112° 36'-112° 54' Alang Wétan

Dhuwur[besut | besut sumber]

Dhuwuré lumrahé Kutha Surabaya ya iku 3-6 mèter saka lumahing segara, kajaba laladan ing sisih kidul sing awujud gumuk, ya iku tlatah Lidah & Gayungan sing dhuwuré 25-50 mèter saka lumahing segara.

Wates[besut | besut sumber]

Kutha Surabaya wewatesan karo Selat Madura ing sisih lor lan wétan, Kabupatèn Sidaharja ing sisih kidul, lan Kabupatèn Gresik ing sisih kulon.

Jembar[besut | besut sumber]

Jembaré wewengkon kutha iki ana 33.306,30 Ha,[4] sing kapérang dadi 31 kacamatan lan 160 désa utawa kalurahan.[4]

Pamaréntahan[besut | besut sumber]

Kutha Surabaya dumadi saka 31 kacamatan. Kacamatan-Kacamatan ing kutha Surabaya ya iku:

Surabaya Punjer

Surabaya Wétan

Surabaya Lor

Surabaya Kidul

Surabaya Kulon

Wiyata[besut | besut sumber]

Pawiyatan luhur nagari[besut | besut sumber]

Pawiyatan luhur swasta[besut | besut sumber]

  • Universitas Hang Tuah
  • Universitas Wijaya Kusuma Surabaya. (UWKS)
  • Universitas Narotama (UNNAR Surabaya)
  • Universitas Ciputra (UC)
  • Universitas Pelita Harapan (UPH)
  • Sekolah Tinggi Ilmu Komunikasi-Almamater Wartawan Surabaya (STIKOSA-AWS)
  • Universitas Surabaya (Ubaya)
  • Universitas Kristen Petra
  • Unika Widya Mandala
  • Universitas Ciputra
  • Universitas 17 Agustus 1945 Surabaya
  • Sekolah Tinggi Manajemen Infomatika dan Teknik Komputer Surabaya (STIKOM)
  • Institut Sains Terapan dan Teknologi Surabaya (iSTTS)
  • Universitas Pembangunan Nasional "Veteran" Jawa Timur
  • Universitas PGRI Adi Buana Surabaya
  • Universitas Dr. Soetomo (Unitomo)
  • Universitas Muhammadiyah Surabaya (UMS)
  • Universitas Bhayangkara Surabaya (Ubhara Surya)
  • Universitas Merdeka Surabaya (Unmer Surabaya)
  • Universitas Putra Bangsa Surabaya (UPB)
  • Universitas Sunan Giri (UNSURI) Surabaya
  • Institut Teknologi Pembangunan Surabaya (ITPS)
  • Institut Teknologi Adhi Tama Surabaya (ITATS)
  • Institut Informatika Indonésia (IKADO)
  • Sekolah Tinggi Pariwisata " Satya Widya " Surabaya
  • Sekolah Tinggi Ilmu Ékonomi Indonésia Surabaya
  • Sekolah Tinggi Ilmu Ékonomi Perbanas Surabaya (STIE Perbanas)
  • Sekolah Tinggi Ilmu Ékonomi IBMT Surabaya
  • Universitas Wijaya Putra (UWP) Surabaya
  • Universitas Widya Kartika Surabaya (UWIKA)
  • Universitas W.R.Supratman (Unipra) Surabaya

Panganan kas[besut | besut sumber]

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. http://www.citypopulation.de/php/indonesia-jawa-admin.php
  2. Data Sensus Penduduk 2010-Badan Pusat Statistik Republik Indonesia <http://sp2010.bps.go.id/index.php/site/tabel?tid=321&wid=3500000000&lang=id>
  3. a b c d e f g h i j k l m cendy.student.umm.ac.id(diunduh tanggal 7 juni 2011)
  4. a b www.surabaya.go.id/profilkota (diunduh tanggal 6 Juni 2011)
  5. [1]"website UNESA"
  6. [2]"website IAIN Sunan Ampel"
  7. [3]"website Universitas Trunojoyo"

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Kutha-kutha gedhé ing Indonésia
  Kutha Provinsi Populasi     Kutha Provinsi Populasi
1 Jakarta DKI Jakarta 9.607.787 Kutha Surabaya
Kutha Surabaya
7 Dhépok Jawa Kulon 1.738.570
2 Surabaya Jawa Wétan 2.765.487 8 Semarang Jawa Tengah 1.555.984
3 Bandung Jawa Kulon 2.394.873 9 Palembang Sumatra Kidul 1.455.284
4 Bekasi Jawa Kulon 2.334.871 10 Makassar Sulawesi Kidul 1.338.663
5 Medan Sumatra Lor 2.097.610 11 Tangerang Kidul Banten 1.290.322
6 Tangerang Banten 1.798.601 12 Bogor Jawa Kulon 950.334