Irlandia Lor

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Northern Ireland
Tuaisceart Éireann
Northren Ireland
Norlin Airlann
Lokasi Irlandia Lor
Northern Ireland's location within the UK
Basa resmi Inggris, Irlandia,
Ulster-Scots
Kutha krajan lan
kutha paling gedhé
Belfast
Pamaréntahan Républik lan Dhémokrasi Parlementer
Wewengkon
 - Total
Urutan ka-4
13,843 km²
Padunung
 - Total (2001)
 - Kapadhetan
Urutan ke-4
1,685,267
122/km²
Madeg Pembagian Irlandia (1920)
Valuta Pound Sterling (£) (GBP)
Zona wektu
 - dalam Musim panas
UTC+0
UTC+1
TLD +353 48, +44 28 (uga 048 saka Républik Irlandia)
Kembang nasional Shamrock
Wong suci pelindung St. Patrick

Irlandia Lor (basa Inggris Northern Ireland) minangka sawijiné nagara bagéyan Britania Raya lan dumunung ing sisih wétan-lor pulo Irlandia. Jembar wewengkoné ya iku 14.139 km² lan padunungé cacah 1.685.267 jiwa (April 2001). Irlandia Lor ndarbèni kutha krajan Belfast. Irlandia Lor wewatesan karo Républik Irlandia. Jroning basa Inggris laladan iki disebut Northern Ireland utawa Ulster. Ananging jeneng iki rada jumbuh sebab sabeneré Ulster iku jenengé tilas propinsi Irlandia kang wewengkoné luwih amba. Ulster bagéyan kidul isih dadi wewengkon Irlandia. Jeneng iki mung dianggo déning kaum Unionis.

Sawetara fakta[besut | besut sumber]

Nalika Irlandia (Kidul) mardika saka Britania Raya taun 1920, padunung Irlandia Lor kang sebagéyan gedhé nganut agama Protestan lan isih setya marang Krajaan Britania Raya milih tetep dadi bagéyan nagara kesatuan Britania Raya. Wong-wong mau diarani kaum Unionis, déné wong saka Irlandia Kidul diarani kaum Nasionalis. Ananging permasalahan ora mandheg tekan semana, sebab wong-wong kang nganut agama Katulik ing Irlandia Lor ngrasa didiskriminasi. Karusuhan kang dijenengké The Troubles miwiti ing taun 1969.

Daftar kutha[besut | besut sumber]

Delengen uga[besut | besut sumber]

Pranala jaba[besut | besut sumber]


Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Irlandia_Lor&oldid=1052851"