Bako

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Dobong sujarah ing kutha Myrtleford, Victoria, Australia
Godhong jinis Basma lagi digaringaké ing desa Pomak ing Xanthi, Yunani

Bako ya iku sawiji produk sing dumadi godhong bako kanthi 'diobati' (prosés ngilangi dat sing marai godhongé ijo) dhisik. Wité kagolong perangané genus Nicotiana lan tunggalé Solanaceae (wit-witan nightshade). Asline luwih saka 70 spesiesé bako sing ora dimudengi manungsa, lan tanduran utama sing umume kanggo bab komersil ya iku N. tabacum. Jinis wit-witan bako liyané sing paling ampuh, N. rustica, uga digunakaké ing donya iki.

Bako ngamot sing diarani alkaloid nikotin, ya iku sawiji stimulan. Godhong bako sing uwis garing utamané kanggo ngrokok ing jero rokok, cerutu, pipa bako, lan bako kanggo shisha sing uwis diwenehi rasa. Bako-bako iku mau uga bisa dikonsumsi minangka produk-produk liyané kaya snuff, chewing tobacco, dipping tobacco lan snus.

Konsumsi bako iku résiko ngalami macem-macem lelara, mliginé jinise sing mangaribawani jantung, ati, lan paru-paru, uga macem-macem kanker. Ing taun 2008, World Health Organization nggolongaké bako minangka siji-sijine sabab pati sing bisa disandhet sing paling gedhé.[1]

Etimologi[besut | besut sumber]

Tembung basa inggris "tobacco" asale saka tembung basa Spanyol lan basa Portugis "tabaco". Mula bakaning tembung iku mau isih didebatake, nanging umume dimudhengi tembung turunan paling ora saka basa Taino, perangan basa Arawakan ing kapulon Karibia. Ing basa Taino, tembung iku diarani duwe arti menawa dudu susure godhong bako (miturut sujarawan Bartolomé de las Casas, ing taun 1552) ya tabago, jinisa pipa wujude kaya huruf Y kanggo nyentrup asep bako (muturute Oviedo; menawa karo godhong-godhonge dirujuk mingangka cohiba).[2][3]

Ananging, (lan mungking mung kebetulan) tembung-tembung sing padha ing basa Spanyol, Portugis lan Itali sing digunakaké saka taun 1410 kanggo jenengi ramuan obat sing dipercaya mula bakané saka tembung basa Arab, طُبّاق ṭubbāq (uga طُباق ṭubāq). Tembung siku mau dilaporaké uwis ana ing abad ka-9, minangka jeneng kanggo sawenèh rumpah-rempah.[4][5]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. ^ "WHO Report on the global tobacco epidemic, 2008 (foreword and summary)" (PDF).
  2. ^ "World Association of International Studies, Stanford University". 
  3. ^ Ernst, A. (1889).
  4. ^ Lane's Lexicon. page 1879.
  5. ^ The word ṭubāq no longer refers to various herbs, but has come to refer, in some dialects, specifically to tobacco.
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Bako&oldid=1095622"