Suriname

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Republic of Suriname
Republiek Suriname  (Walanda)
Gendéra Lambang nagara
Motto: Justitia - Pietas - Fides  (Latin)
"Kaadilan - Kawajiban - Loyalitas"
Antem: God zij met ons Suriname   (Basa Walanda)
('Muga Gusti Allah karo kita Suriname')
Kutha krajan
lan paling gedhé
Paramaribo
5°50′N 55°10′W / 5.833°N 55.167°W / 5.833; -55.167
Basa resmi Walanda
basa enggonan diakoni Sranan Tongo, Hindi, Urdu, Inggris, Sarnami, Jawa, Bhojpuri, Hakka, Kanton, Saramaccan, Paramaccan, Ndyuka, Kwinti, Matawai, Cariban, Arawakan
Dhémonim Surinamese
Papréntahan Constitutional democracy
 •  President Desi Bouterse
 •  Wakil Presiden Robert Ameerali
Independence
 •  from the Netherlands 25 November 1975 
Laladan
 •  Gunggung 163,821 km2 (91st)
63,251 sq mi
 •  Banyu (%) 1.1
Cacah jiwa
 •  Rantaman 2011 491.989[1] (167th)
 •  Cacah sirah 2004 492,829[2]
 •  Karapetan 2.9/km2 (231st)
7,6/sq mi
GDP  (PPP) Rantaman 2009
 •  Gunggung $4.510 billion[3]
 •  Per kapita $8,642[3]
GDP  (nominal) Rantaman 2009
 •  Gunggung $2.962 billion[3]
 •  Per kapita $5,675[3]
HDI (2010) Increase 0.646[4]
Cacad: Angka HDI ora sah · 96th
Valuta Surinamese dollar (SRD)
Zona wektu ART (UTC-3)
 •  Mangsa Panas (DST) not observed (UTC-3)
Nyetir ing left
Kodhé bèl 597
TLD Internèt .sr

Républik Suriname iku nagara sing dumunung ana ing bagéyan lor Amérika Kidul. Nagara iki diwatesi karo Guyana Prancis ing wétan, Guyana ing kulon, Nagara Brazil ing kidul, lan Samudra Atlantik ing lor. Nagara iki salah sijining panggonan sing akèh wong Jawané, saliyané Indonésia lan Kaledonia Baru. Suriname iku manten jajahan Walanda lan mbiyèn ditepungi mawa jeneng Guyana Walanda. Suriname mardika saka Walanda ing tanggal 25 November 1975.

Mawa amba kurang saka 165.000 km2, Suriname iku nagara adaulat sing cilik dhéwé ing Amérika Kidul. Guyana Prancis ambané luwih cilik, nanging tlatah iki laladan Prancis lan ora mardika. Suriname nduwé padunung kurang luwih 490.000 jiwa, lan mayoritasé urip ing pasisir lor, papané kutha krajan Paramaribo.

Sajarah Suriname[besut | besut sumber]

Wewengkon Suriname wiwit dikenal abad kaping 15, ya iku nalika bangsa-bangsa Éropah nguwasani Guyana, sawijining dhataran jembar sing dumunung ing antara Samudra Atlantik, Kali Amazon, Rio Negro, Kali Cassiquiare lan Kali Orinoco. Wiwitané dhataran iki déning para ahli kartografi diwnènehi jeneng Guyana Karibania (Guyana sing tegesé dhataran jembar sing diilèni déning akèh kali lan Karibania saka tembung Caribs ya iku jeneng padunung asli sing pisanan manggon ing dhataran kasebut).

Sajarahing Wong Jawa ing Suriname[besut | besut sumber]

Ananing wong Jawa ing Suriname iki ora bisa diculké karo ananing pakebonan-pakebonan sing dibukak ning kana. Sabubaré ora olèhé pabudhakan ning kana, lan wong-wong turunan Afrika dibébasaké saka pabudhakan. Ing pamungkasing 1800an Walanda wiwit nekakaké para kuli kontrak asal Jawa, India lan Cina. Wong Jawa pramilané dipanggonaké ing Suriname taun 1880an lan dikaryakaké ing pakebonan gula lan kayu sing akèh ing tlatah Suriname.

Wong Jawa teka ing Suriname nganggo akèh cara, nanging akèh sing dipeksa utawa diculik saka désa-désa. Ora amung wong Jawa sing digawa, nanging uga akèh wong-wong saka Sundha, Madura, lan tlatah liya sing keturunané dadi Jawa kabèh ing kana.

Wong Jawa nyebar ing saindhenging tlatah Suriname, nganti ana désa jenengé Tamanredjo lan Tamansari, ana manèh sing ngumpul ing Marienburg. Wong Jawa Suriname sejatiné tansah ana janji ing Tanah Jawa sanajan urip adoh dipisahké karo samudra, iku sebabé Basa Jawa panggah lestari ing tlatah Suriname. Weruh Indonésia wis mardika, akèh wong Jawa sing nduwé karep bali ning Indonésia, lan mung sithik sing bener-bener isa bali, iku waé malahan ing tanah Sumatra lan tlatah-tlatah Indonésia liyané. Banjur, ing taun 1975 wayah Suriname mardika saka Walanda, wong-wong kalebu wong Jawa diwènèhi pilihan, panggah ing Suriname utawa mèlu pindhah menyang Walanda. Akèh wong Jawa sing akiré pindhah menyang tanah Walanda, lan liyané panggah ing Suriname. Rata-rata wong Jawa Suriname iku agamané Islam, sanajan ana sing mèlu agama liyané nanging sethithik.

Sing unik ing wong Jawa Suriname iki, ora olèh rabi karo anak putuné wong sa'kapal utawa sa' jaji. Dadi wong sa'kapal sing digawa nang Suriname iku wis dianggep paseduluran lan anak putuné ora olèh dirabi.

Républik Suriname (Surinam), ya iku nagara ing Amerika Selatan lan bekas jajahane Walanda sing merdeka saka Walanda tanggal 25 Nopember 1975. Nagara iki wewatesan karo Guyana Perancis ing sisih wetan lan Guyana ing sisih kulon. SIsih kidul wewatesan karo Brasil lan ing sisih lor karo Samudra Atlantik. Suriname kasebut "Indonésia Sebelah Barat" jalaran akehe wong Jawa sing ana nang Suriname. Ing Suriname ana wong Jawa sing manggoni, cacahe udakara 75.000 wong. Wong-wong Jawa iku mau digawa mrana karo Walanda tahun 1890 nganti 1939.

Kutha krajané Suriname ana ing kutha Paramaribo. Klompok Hindustan utawa wong turunan saka imigran abad 19 saka India, populasine 37%. Kreol, camboran wong kulit putih lan kulit ireng cacahe 31%, wong Jawa ana 15% lan wong Maroon, turunane tukang rewang saka Afrika sing minggat, ana 10%. Liyane, ya iku wong Indian-Amerika, Tionghoa, lan kulit putih. Komunitas [[Yahudi ya ana, dhèwèké turunane kaum Sefardim sing maune minggat saka Iberia menyang Walanda. Agama sing dipeloni kayata Hindu, Islam lan Kristen.

Démografi[besut | besut sumber]

Warga Suriname cacahé kabèh ana 433.998 wong. Uripé akèh-akèhané ana ing pinggir kali gedhé lan tlatah-tlatah cedhaking segara. Uga urip ing pusat-pusat pakebonan. Wong Suriname iku akèh macemé, lan paling akèh ya turunan saka India sing nganti 37%né warga, sabanjuré wong Kreol sing turunané para budhak Afrika, cacahé 31%. Katelu iku wong Jawa, 15% banjur wong Maroon 10% (wong Maroon iki turunaning wong budhak sing mlayu menyang alas-alas, lan cara uripé tansah kaya leluhuré ing Afrika). Lan sisané ana wong Cina, Indian lan Walanda.[5]

Ora ana agama kang resmi ing Suriname. Ana agama Hindhu sing dipracayani karo wong India, agama Islam sing akèh dipracayani wong Jawa lan sebagéyan wong India, uga Kristen lan Katulik sing dipracayai karo wong Kreol lan Maroon. Malah tansah akèh wong sing nganut aliran Animisme.

Basa resmi sing diakoni ing Suriname ya basa Walanda, nanging kanggo basa pasaran wong Suriname nganggo basa Sranan Tongo sing asliné saka basa Inggris, lan iku dadi piranti wicaraning klompok-klompok ing kana. Saliyané iku, basa Hindi, lan basa Jawa diujarké karo klompoké dhéwé-dhéwé. Uga ana basa-basa Indian kayata Karib lan Arawak, basa-basa Maroon kaya Saramaka lan Ndjuka.

Wewengkon pamarentahan[besut | besut sumber]

  1. Brokopondo
  2. Commewijne
  3. Coronie
  4. Marowijne
  5. Nickerie
  6. Para
  7. Paramaribo
  8. Saramacca
  9. Sipaliwini
  10. Wanica

Budaya[besut | besut sumber]

Kembang Nasional[besut | besut sumber]

Suriname nduwé kembang nasional sing jenengé Fajalobi, ing Indonésia lan India dikenal kanthi jeneng kembang Asoka.[6]

Tokoh keturunan Jawa[besut | besut sumber]

  • Toekiman Saimbang (Diplomat) [7]
  • Salimin Ardjooetomo alias Kapten Does (Sutradara, Seniman) [8]
  • Argyll Legiran Ardjooetomo (Seniman) [8]
  • Soelijanto Wongsosemito(Seniman) [8]
  • Paul Salam Somohardjo (Ketua Parlemen) [9]

Referensi[besut | besut sumber]

Cithakan:Komariah, Siti dan Puspa Ruriana. 2011. Basa Jawa di Suriname. Surabaya: Lima-lima Jaya

Pranala njaba[besut | besut sumber]


  1. ^ Cacad sitiran: Tag <ref> ora absah; ora ditemokaké tèks kanggo ref mawa jeneng cia
  2. ^ Algemeen Bureau voor de Statistiek in Suriname - Census profile at district level
  3. ^ a b c d "Suriname". International Monetary Fund. Dijupuk 2010-04-21. 
  4. ^ "Human Development Report 2010" (PDF). United Nations. 2010. Dijupuk 5 November 2010. 
  5. ^ Situs kedutaan Suriname
  6. ^ http://www.surinameembassy.org/welcome.shtml Suriname US Embassy
  7. ^ http://internasional.kompas.com/read/2010/08/07/12175644/120.Tahun.Migrasi.Suku.Bangsa.Jawa-3
  8. ^ a b c http://www.suaramerdeka.com/harian/0711/12/nas07.htm
  9. ^ http://www.kr.co.id/web/detail.php?sid=161924&actmenu=46
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Suriname&oldid=1079714"