Siprus

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Κυπριακή Δημοκρατία
Kypriakí Dimokratía (Yunani)
Kıbrıs Cumhuriyeti (Turki)
Gendéra Lambang nagara
Motto: 
Antem: Ymnos pros tin Eleutherian 1
Kutha krajan
lan paling gedhé
Nikosia
Basa resmi Yunani, Turki
Papréntahan Républik
 •  Presidhèn Dimitris Christofias 2
Kamardikan
 •  Banyu (%) -
Cacah jiwa
 •  Rantaman 2005 780.133 5 (155)
 •  Cacah sirah 2001 689.565 6
GDP  (PPP) Rantaman 2005
 •  Gunggung US$15,76 miliar (117)
 •  Per kapita US$19.633 (36)
Valuta Euro (EUR)
Zona wektu (UTC+2)
 •  Mangsa Panas (DST)  (UTC+3)
Kodhé bèl 357 7
TLD Internèt .cy
1. "Ymnos pros tin Eleutherian" uga mnangka lagu kabangsan Yunani.

2. Républik Turki Siprus Utara (RTSU) nguasani wewengkon lor lan nduwé presiddèn dhéwé.
3. Ora diakoni déning Turki, siji-sijiné nagara kang ngakoni RTSU.
4. Area ambané 5.895 km² ing wewengkon kidul lan 3.355 km² ing wewengkon lor.
5. Ora klebu ±230.000 jiwa ing tlatah lor.
6. Ora klebu padunung RTSU.

7. +90-392 (kode akses Turki) digunakaké ing wewengkon lor.

Républik Siprus ya iku nagara pulo ing Segara Tengah bagéyan wétan, udakara 113 km kidulé Turki lan 120 km kuloné Suriah. Kutha krajané ya iku Nikosia. Kutha wigati liyané antara liya Limassol, Larnaca, Paphos, Famagusta, lan Kyrenia.

Wiwit taun 1974, ing bagéyan lor ana Républik Turki Siprus Lor, kang mung diakoni déning Turki.

Sajarah[besut | besut sumber]

Sawisé 1945[besut | besut sumber]

Siprus, nalika isih dadi jajahan Britania Raya, arep diwènèhaké marang Yunani. Nanging minoritas Turki nulak. Sidané kompromi disarujuki lan taun 1959 didegaké nagara Siprus mardika. Ananging nagara Yunani lan Turki kaloroné durung puas lan pungkasané taun 1974 sawijining kelompok kang kepéngin persatuan karo Yunani nganakaké kudéta kang diwales nganggo invasi Turki. Miwiti kadadéyan iku Turki mbanjur nguwasani wewengkon lor.

Anggota Uni Éropah[besut | besut sumber]

Tanggal 1 Mei 2004, Siprus dadi anggota Uni Éropah. Nanging kang diidinaké mèlu mung wewengkon kidul waé, séjé babé yèn wewengkon lor uga péngin dadi siji manèh. Pungkasané padunung wewengkon lor nekan pamaréntahé supaya dadi siji karo wewengkon kidul. Tanggal 24 April 2004 wewengkon lor (kang dipimpin déning Raouf Denktash) mratélakaké "iya" marang gagasan persatuan. Laladan kidul (kang dipimpin déning Tassos Papadopoulos) mratélakaké "ora" tumrap persatuan. Sidané mung bagéyan kidul waé kang dadi anggota Uni Éropah.

Ekonomi[besut | besut sumber]

Ekonomi Siprus gumantung marang ekspor produk tani (jeruk, kenthang, anggur, tembako) lan saka pariwisata. Sektor perikanan amèh ora ana artiné; tlatah banyu ing saubengé pulo kurang ana iwaké. Séjéné iku sektor pertambangan isih nguntungaké (tembaga, wesi, marmer lan gipsum). Tembung tembaga jroning basa-basa Éropah ngrupakaké derivasi saka tembung "Siprus" ing basa Yunani kupros, upamané tembung copper (basa Inggris) utawa koper (basa Walanda).

Uga pirsani[besut | besut sumber]

Pranala jaba[besut | besut sumber]

Peta Siprus


 
Uni Eropah (EU)
Gendéra Uni Eropah

Austria | Belanda | Belgia | Britania Raya | Bulgaria | Ceko | Denmark | Estonia | Finlandia | Jerman | Hongaria | Irlandia | Italia | Latvia | Lituania | Luxemburg | Malta | Perancis | Polandia | Portugal | Rumania | Siprus | Slowakia | Slovenia | Spanyol | Swedia | Yunani


Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Siprus&oldid=1052647"