Rasi lintang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Rasi lintang Orion
Orion iku rasi lintang sing cukup misuwur. Wates wewengkon Rasi lintang Orion digambaraké nganggo garis kuning pedhot-pedhot.

Rasi lintang utawa konstelasi iku saklompok lintang sing katon gegandhèngan mangun sawijining konfigurasi mligi. Jroning ruang telung dhimènsi, akèh-akèhé lintang sing kita amati ora nduwèni hubungan siji lan sijiné, nanging katon kaya nglumpuk ing bola langit wengi. Manungsa nduwèni kamampuan sing dhuwur banget jroning ngenali pola lan sadawaning sajarah wis nglompokaké lintang-lintang sing katon cedhak siji lan sijiné dadi rasi-rasi lintang. Susunan rasi lintang sing ora resmi, ya iku sing dikenal apik déning masarakat nanging ora diakoni déning para ahli astronomi utawa Himpunan Astronomi Internasional, uga diarani asterisma. Lintang-lintang ing rasi lintang utawa asterisma arang-arang sing nduwèni hubungan astrofisika; lintang-lintang mau mung kabeneran waé katon cedhak ing langit sing katon saka Bumi lan biasané kapisah adoh banget.

Panglompokan lintang-lintang dadi rasi lintang sakbeneré cukup acak, lan kabudayan sing béda bakal nduwèni rasi lintang sing béda uga, senadyan sawetara sing gampang banget dikenali biasané kerep ditemokaké, umpamané Orion utawa Scorpius.

Himpunan Astronomi Internasional wismérang langit dadi 88 rasi lintang resmi kanthi wates-wates sing jelas, saéngga saben arah mung diduwèni déning siji rasi lintang waé. Ing belahan bumi (hemisfer) lor, akèh-akèhé rasi lintangé didhasaraké marang tradhisi Yunani, sing diwarisaké liwat Abad Tengahan, lan ngandhut simbol-simbol Zodiak.

Manéka warna pola-pola liyané sing ora resmi wis ana bebarengan karo rasi lintang lan disebut asterisma, kaya Bajak (uga dikenal ing Amérika Sarékat minangka Big Dipper) lan Little Dipper

Deleng uga[besut | besut sumber]

Pranala jaba[besut | besut sumber]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Rasi_lintang&oldid=1031743"