Basa Latin

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Basa Latin (Lingua Latina)
Dipituturaké ing: basa mati
Panutur ibu: Ora ana
Rumpun basa
Klasifikasi:
Indo-Éropah

 Basa Kelto – Italik
  Basa Italik
   Basa Latin

Status resmi
Basa resmi: Vatikan
Diatur déning: Ora ana
Kodhe basa
ISO 639-1: la
ISO 639-2: lat
SIL: LAT

Basa Latin iku basa Italik sing asalé saka Latium, sawijining tlatah ing Italia saidhenging kutha Roma. Jaman saiki basa Latin isih dienggo dadi sawijining basa liturgis kanggo wong Katulik lan basa sains.

Sawetara Karakteristik[besut | besut sumber]

Karakteristik utama basa Latinyaiku anané kasus. Jroning basa Latin ana 6 kasus:

  1. kasus nominatif
  2. kasus génitif
  3. kasus datif
  4. kasus akusatif
  5. kasus vokatif
  6. kasus ablatif

Saliyané iku ana siji kasus manèh:

  1. kasus lokatif

Paramabasa Latin[besut | besut sumber]

  1. Tembung aran Basa Latin

Basa Latin nduwèni limang golongan tembung aran.

Basa Roman[besut | besut sumber]

Basa Latin Rakyat (jroning basa Latin sermo vulgaris utawa "basa rakyat") sing dituturake déning antara liya bala tentara Romawi dadi basa pengantar ing laladan krajan. Ing sawetara panggonan, basa iki malah nggantèkaké basa saenggon. Basa-basa turunan saka basa Latin iki disebut basa Roman, ananging basa Latin dhéwé dudu basa Roman. Basa Latin klebu rumpun basa-basa Italik.

Aksara Latin[besut | besut sumber]

Basa Latin ditulis nganggo abjad Latin sing dadi wangun tulisan sing paling akèh dianggo ing donya. Pirsani Aksara Latin kanggo katrangan luwih pepak.

Deleng uga[besut | besut sumber]


Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Basa_Latin&oldid=1029507"