Peru

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
República del Perú
Gendéra Lambang nagara
Motto: Libertad y Orden
(Spanyol: "Kebebasan dan Orde")
Antem: Somos libres, seámoslo siempre
Kutha krajan
lan paling gedhé
Lima
Basa resmi Spanyol
Papréntahan Républik
Kamardikan
 •  Banyu (%) 8,8%
Cacah jiwa
 •  Rantaman 2006 27.219.264 (39)
 •  Cacah sirah - -
GDP  (PPP) Rantaman 2005
 •  Gunggung US$153 miliar (47)
 •  Per kapita US$5.556 (99)
Valuta Nuevo Sol (PEN)
Zona wektu (UTC-5)
 •  Mangsa Panas (DST)  (UTC-5)
Kodhé bèl 51
TLD Internèt .pe

Républik Peru (basa Spanyol: Perú; basa Quechua, basa Aymara: Piruw) iku nagara ing Amérika Kidul bagéan kulon, wewatesan karo Ekuador lan Kolombia ing sisih lor, Brasil ing sisih wétan, Bolivia ing wétan, kidul-wétan lan kidul, Chili ing kidul lan Samudra Pasifik ing kulon. Peru minangka nagara kang sugih bab budaya antropologi, lan dikenal minangka panggonan lair Krajaan Inca kang kutha krajané ing Macchu Piccu.

Sajarah[besut | besut sumber]

Artikel utama: Sajarah Peru

Sadurungé wong Spanyol teka, Peru minangka panggonan saka werna-werna kabudayan pra-Inca lan sabanjuré, Krajaan Inca. Francisco Pizarro ndharat ing pasisir Peru taun 1532, lan ing pungkasan taun 1530-an, Peru dadi Viceroy lan minangka sumber emas lan perak utama kanggo Krajaan Spanyol.

Peru ngumumaké kamardikané saka Spanyol ing tanggal 28 Juli 1821 amarga anané aliansi antara tentara Argentina José de San Martín, lan tentara Neogranadine Simon Bolivar. Presiden kapilih pisanan, nanging, ora kuwasa nganti taun 1827. Saka 1836 nganti 1839 Peru lan Bolivia dadi siji jroning Konfederasi Peru-Bolivia, dibubaraké sawisé konflik mawa sanjata karo Chili lan Argentina. Antara taun-taun iki, kahanan isih durung aman, lan tentara minangka kakuatan pulitik wigati.

Antara taun 1879 lan 1883, Peru lan Bolivia nggawé aliansi manèh lan perang nglawan Chili jroning Perang Pasifik. Sawisé perang rampung (kanthi kèlangan propinsi Tarapaca), kastabilan pulitik bisa digayuh, ing wiwitan taun 1900-an; nganti tekané mangsa kadiktatoran Augusto Leguia.

Pulitik[besut | besut sumber]

Casa de Pizarro, Gedung Pamaréntahan Peru
Artikel utama: Pulitik Peru

Presiden Alejandro Toledo iku pemimpin nagara Peru wektu iki lan Ketua Perú Posible. Dhèwèké kapilih kanthi 53% swara pemilih ing Pemilu babak kaloro taun 2001 lan ngalahaké tilas Presiden Sosialis Alan García Pérez. Perú Posible ngraih 45 kursi saka 120 kursi parlemen. Kanggo posisi kaloro lan katelu, dinggoni Partido Aprista Peruano (PAP, 28 kursi) pimpinan Alan García Pérez lan Unidad Nacional (UN, 17 kursi) pimpinan Lourdes Flores Nano.


Wewengkon[besut | besut sumber]

Artikel utama: Wewengkon Peru
Peta Peru

Wewengkon Peru dipérang dadi 25 region (jamak:regiones; tunggal: región). Region iki dibagi dadi propinsi, kang dumadi saka dhistrik. Peru ndarbèni 180 propinsi lan 1747 dhistrik.

Tlatah kang dipanggoni déning kutha Lima disebut Lima Metropolitana (Metropolitan Lima) lan ora klebu region kasebut.

Nganti taun 2002, Peru dipérang dadi 24 departamentos (departemen), lan akèh wong isih migunakaké istilah iki kanggo ngarani region kang saiki, senadyan istilah departemen iki wis ora dianggo manèh.

Geografi[besut | besut sumber]

Artikel utama: Geografi Peru

Peru dumunung ing Amérika Kidul bagéan kulon, wewatesan karo Samudra Pasifik Kidul, antara Chili lan Ekuador. Uga wewatesan karo Kolombia, Brasil, lan Bolivia.

Dhataran pasisir kulon dipisahaké déning dhataran endèk alas Basin Amazon, ing kidul karo Andes kang dhuwur. Ing tapelwates Bolivia ana Tlaga Titicaca, tlaga paling dhuwur (kang bisa dilayari) sadonya kanthi elevasi 3821 m.

Ekonomi[besut | besut sumber]

Artikel utama: Ekonomi Peru

Ekonomi Peru wis ana paningkatan orientasi pasar, kanthi rampungé privatisasi wiwit taun 1990; jaroning industri pertambangan, listrik lan telekomunikasi. Amarga anané investasi manca kang kuwat lan kerja sama antara pamaréntahan Alberto Fujimori, IMF lan Bank Donya, pertumbuhan kuwat kagayuh ing antara taun 1994-1997 lan inflasi bisa kakendhali. Ing taun 1998 lan 1999, akibat El Niño ana ing babagan pertanian, krisis finansial Asia, lan kahanan ora stabil ing pasar Brasil ngurangi pertumbuhan mau. Peru kasil ngatur negosiasi kanggo Fasilitas Dana Tambahan karo IMF ing sasi Juni 1999, senadyan kudu bolak-balik negosiasi sasarané. Tekanan jroning gunggungé pengeluaran (blanja)tansaya nambah ing Pemilihan taun 2000.

Urutan internasional[besut | besut sumber]

Delengen uga[besut | besut sumber]

Pranala jaba[besut | besut sumber]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Peru&oldid=1052729"