Kuba

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
República de Cuba
Gendéra
Motto: Patria y Libertad
(Spanyol: "Tanah air dan Kemerdekaan")
Antem: La Bayamesa
Kutha krajan
lan paling gedhé
Havana
Basa resmi Spanyol
Papréntahan Nagara komunis
Kemerdekaan
 •  Banyu (%) dapat dihiraukan
Cacah jiwa
 •  Rantaman 2006 11.217.1000 (70)
 •  Cacah sirah 2002 11.177.743
GDP  (PPP) Rantaman 2005
 •  Gunggung US$33,92 miliar (88)
 •  Per kapita US$3.000 (126)
Valuta Peso (CUP),
Peso convertible 1 (CUC)
Zona wektu (UTC-5)
 •  Mangsa Panas (DST)  (UTC-4)
Kodhé bèl 53
TLD Internèt .cu
1. Sebelum diganti dengan peso convertible, Dolar AS digunakan bersama peso sejak 1993 hingga 2004.

Républik Kuba dumadi saka Pulo Kuba (pulo paling gedhé ing Kapuloan Antilles Gedhé), Pulo Pemuda lan sawetara pulo cilik ing saubengé. Jeneng "Kuba" kabaré asal saka tembung jroning basa Taíno, cubanacán, kang maknané 'panggonan kang sentral'.

Nagara iki dumunung ana ing Karibia Lor, ana ing partemon Segara Karibia, Lempongan Meksiko lan Samudra Atlantik. Ing sisih wétan-lor Kuba - udakara 144 km - dumunung Nagara Bagéyan Florida, Amérika Sarékat, lan Bahama. Ing sisih wétane dumunung Kapuloan Turks lan Caicos sarta Haiti, sawetara ing sisih kulon dumunung nagara Meksiko. Kapuloan Cayman lan Jamaika ana ing sisih kidul saka pucuk wétané Kuba. Yèn dibandingaké karo Indonésia, jembaré Kuba kira-kira luwih cilik tinimbang jembaré Pulo Jawa.

Kuba minangka nagara penghasil gula paling gedhé ing donya sawisé Brasil. Senajan gula minangka kasil utama ya iku 85% saka ekspor Kuba, nanging padunungé dhéwé isih dadi konsumèn gula paling gedhé sawisè Kosta Rika.

Pamérangan admiistratif[besut | besut sumber]

Artikel utama: Propinsi Kuba

Kuba dipérang dadi 14 propinsi lan siji munisipalitas khusus (Pulo Pemuda - Isla de la Juventud). Wiwitan abad ka-20, Kuba mung dipérang dadi 6 propinsi. Pamérangan administratif wektu iki mèmper propinsi-propinsi militer Spanyol samangsa Perang Kamardikan Kuba.

Peta pamérangan administratif Kuba
1 Isla de la Juventud (Pulo Pemuda)
2 Pinar del Río 9 Ciego de Ávila
3 La Habana (Havana) 10 Camagüey
4 Ciudad de la Habana (Kutha Havana) 11 Las Tunas
5 Matanzas 12 Granma
6 Cienfuegos 13 Holguín
7 Villa Clara 14 Santiago de Cuba
8 Sancti Spíritus 15 Guantánamo

Delengen uga[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]


Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Kuba&oldid=1081035"