Nikolas saka Myra

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Santo Nikolas saka Myra

Nikolas saka Myra utawa sing biasa uga disebut kanthi asma Santo Nikolas iku sawijining uskup sing misuwur banget asal saka Myra.[1] Panjenengané naté dikunjara nalika pamaréntahan Kaisar Dioklesianus.[1] Nikolas iku santo pangayom Rusia, para pelaut lan bocah-bocah.[1] Ing dina péstané ing tanggal 6 Desember, panjenengané ngasta manéka hadiah kanggo bocah-bocah.[1] Santo Nikolas dikenal minangka santo sing apik atiné lan amarga saka iku dadi misuwur.[1] Ana carita ngenani panjenengané sing nulungi telu prawan kanthi maringi dhuwit supaya bisa nikah.[1][2] Amarga apik atiné, Nikolas didadèkaké wong suci.[2] Ana pihak sing mratélakaké yèn sisa-sisa jenazahé nduwèni kamampuan ngobati sacara ajaib, saéngga wusanané dicolong saka pasaréyané ing negara asalé.[2] Pituduh historis pisanan sing mesthi ngenani Nikolas ana ing gréja S. Priskus lan S. Nikolas sing diadegaké déning Kaisar Yustinianus ing Konstantinopel.[1] Pakurmatan marang santo iki nyebar lan kerangka jenazahé dipindhah menyang Bari, Italia Kidul.[1] Figur Santa Claus sing membawa hadiah pada saat Natal merupakan sekularisasi tokoh Nikolas sing sebenarnya.[1]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e f g h i Adolf Heuken SJ. 2005, Ensiklopedi Gereja: jilid N-Ph. Jakarta: Yayasan Cipta Loka Caraka. hlm. 35.
  2. ^ a b c Meg Cabot. 2005, Holiday Princess. Jakarta: Gramedia. hlm. 119.
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Nikolas_saka_Myra&oldid=955911"