Tinju

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa

Cithakan:Infobox ulah raga Tinju ya iku salah siji cabang ulah raga lan seni béla dhiri kang nampilaké wong loro kang duwé bobot padha kang tanding nganggo sarung tinju lan ana ing interval wektu tartamtu kang dijenengi rondhé.[1] Wong kang main ulah raga tinju dijenengi petinju.[1] Biji diwènèhake kanggo anteman kang bersih lan mantap ing bagean ngarep boyok tekan ndhuwur kang sah saka lawan, nalika anteman ngenani awak lan sirah iku diitung éntuk biji kang luwih dhuwur.[1] Petinju kang oleh biji luwih akèh ana ing sakdawane ronde kan wis ditentokake iku kang dinyatakake dadi pemanang.[1] Kemenangan uga bisa dinyatake nalika mungsuh tiba lan ora bisa menyat meneh nganti tekan itungan kesepuluh saka wasit (dijenengi Knockout utawa KO) utawa uga bisa dinyatake menang yèn mungsuh dinyatakake ora bisa nerusake (Technical Knockout utawa TKO).[1]

Etimologi[besut | besut sumber]

Tembung tinju ya iku terjemahan saka tembung basa inggris "boxing" utawa "Pugilism".[2] tembung Pugilism dhéwé asale saka tembung latin, pugilatus utawa silihan saka tembung yunani Pugno, Pignis, Pugnare, kang nandakake kabèh kang wujude kotak utawa "Box" ana ing basa Inggrise.[2] Tinju Manungsa, tangan ngepel, wujude kaya kotak.[2] Tembung Yunani pugno tegese ya iku tangan ngepel kaya kotak, siap kanggo pugnos, gelut, tinju.[2] Ana ing mitologi, bapak lan Boxing ya iku Poliux, saudara kembar saka Castor, putra legendaris saka Jupiter lan Leda.[2]

Sejarah[besut | besut sumber]

Petinju terkenal kang pisanan saka bangsa Yunani ya iku Theagenes saka Thaos kang dadi juara Olympic Games 450 Masehi.[3] Dhèwèké wis nglakoni tarung kaping 1.406 kanthi nganggo sarung tinju kang digawé saka wesi.[3]

Cathetan Suku[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]


Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Tinju&oldid=1082524"