Futsal

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Futsal

Futsal ya iku ulah raga kang migunakaké bal kang dimainaké tim kang cacahé loro.[1] Saben tim futsal cacahé lima pamain.[1] Futsal tujuwané nglebokaké bal ing gawang lawan main kanthi manipulasi lan mainaké bal nganggo sikil. Saliyané pemain utama, saben regu uga nduwé pemain cadhangan.[1] Lapangan futsal diwatesi garis, dudu nét utawa papan.[1]

Istilah futsal iku kalebu istilah internasional.[1] Futsal asalé saka basa Spanyol utawa Portugis ya iku futbol lan sala.[1] Futsal kalebu ulah raga indoor tegesé ing njero ruangan.[1]

Futsal dadi idola tumprap wong kang seneng ulah raga khususé bocah enom.[2] Saliyané iku futsal uga wis dadi gaya urip (lifestyle) kanggoné wong-wong saka pejabat, pekerja kantoran, karyawan, guru, mahasiswa, bocah SMA, nganti tukang ojek. Akèh pemain bal kang misuwur ing dunya kang mauné uga seneng futsal, kayata Pele, Maradona, Romario, Zico.[2] Saiki lapangan futsal uga kena kanggo bisnis.[2] Carané nyéwakaké lapangan futsal karo wong-wong kang arep main futsal.[2]

Sajarah[besut | besut sumber]

Futsal diciptakaké ing Montevideo, Uruguay taun 1930.[3] Dene kang nyiptaakae futsal jenenge Juan Carlos Ceriani.[3] Futsal kang unik iki antuk kawigatèn saka Amérika Kidul khususe Brasil dadi pusat futsal sadonya.[3] Futsal saiki dimainake lan éntuk saka pangayoman saka Fédération Internationale de Football Association ing donya, saka Éropah nganti Amérika Tengah lan Amérika Lor lan Afrika, Asia, lan Oséania.[3]

Pertandhingan internasional kang sepisanan dianakaké ing taun 1965.[3] Nalika semana Paraguay kang dadi juwara ing Piala Amerika Selatan kang sepisanan.[3] Enem pertandingan sawisé iku kang diselenggarakaké nganti taun 1979 uga dimenangaké Brasil.[3] Brasil uga menangaké Piala Pan Amerika kang sepisanan ing taun 1980 lan tetep dadi juara ing taun 1984.[3]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e f g (id)holisticsoccer.com(dipunundhuh tanggal 1 Juni 2011)
  2. ^ a b c d (id)raga.com/futsal/sejarah-futsal.ari guruulah raga.com(dipunundhuh tanggal 1 Juni 2011)
  3. ^ a b c d e f g h (id)gressports.com(dipunundhuh tanggal 1 Juni 2011)


Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Futsal&oldid=1082687"