Anemoi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Menara Angin ing Athena, ukiranipun nggambaraken Boreas (kiwa) lan Skiron (tengen).

Anemoi (basa Yunani: Ἄνεμοι) punika para dewa angin wonten ing mitologi Yunani ingkang dados lambang mata angin[1] lan dipunasosiasiaken kalihan manéka mangsa sarta kawontenan cuaca. Dewa-dewa kasebut asring dipungambaraken minangka angin utawi priyantun kakung ingkang gadhah swiwi utawi minangka turangga ing kandhang dewa Aiolos. Tiyang sepuhipun inggih punika Astraios lan Eos.

Anggota Anemoi inggih punika Boreas, dewa angin ler lan ingkang mbeta mangsa adhem ; Notos, dewa angin kidul lan sesambetan kalihan pungkasan mangsa panas ugi wiwitan mangsa gugur ; Zerifos, dewa angin kilen lan ingkang mbeta mangsa semi ; lan Euros dewa angin wétan lan wonten gegayutanipun kalihan mangsa gugur. Ing antawisipun Anemoi, Euros punika satunggaling ingkang boten kasebutaken wonten ing Theogonia lan Himne Orfeus. Kejawi sekawan dewa utami punika, Anemoi ugi kaperang dados maneka dewa angin sanèsipun ingkang nglambangaken angin "barat laut", "timur laut", "tenggara", lan "barat daya". Wonten ing mitologi Romawi, Anemoi kawéntar minangka Venti.

Boreas[besut | besut sumber]

Fragmen Buddha-Yunani ingkang nggambaraken dewa angin Boreas, kapanggihaken wonten ing Hadda, Afghanistan
Oreithyia dipunculik déning Boreas. Lukisan vas dai nalika taun 350 SM.

Boreas (basa Yunani: Βορέας, Boréas) punika dewa angin ler lan ingkang mbeta mangsa adhem. Boreas dipungambaraken minangka priyantun kakung ingkang gadhah janggut lan swiwi sarta ngginakaken jubah. Pausanias nyebat bilih Boreas kagungan sukuula sanajan wonten ing seni kuno sukunipun Boreas dipungambaraken minangka sukunipun manungsa.

Boreas kaubungaken kalihan turangga lan ugi naté éwah dados turangga jantan lan metengi kathah turangga betina dumugi Boreas dados bapak saking kalih welas turangga. Turangga ingkang putra saged mlayu ing sabin tanpa midak tuwuhan ing sabin kasebut. Ing versi sanesipun, Boreas metengi turangga betina tanpa ewah dados turangga jantan [2]. Tiyang Yunani kuno pitados bilih Boreas mapan wonten ing Trakia.

Notos[besut | besut sumber]

Patung Notos ing Astana Empat Angin wonten ing Warsawa.

Notos (basa Yunani: Νότος, Nótos) punika dewa angin kidul ingkang dipunasosiasiaken kaliha angin panas lan mangsa panas. Kejawi punika ugi dipunpitadosi ingkang mbeta badai nalika pungkasan mangsa panas lan mangsa gugur. Notos dipunajrihi awit dados ingkang ngrisak panen. Wonten ing mitologi Romawi, Notos kawentar mianngka Auster, wujuding angin sirocco ingkang mbeta mega kandhel lan kabut.

Euros[besut | besut sumber]

Euros (basa Yunani: Εύρος, Eúros) punika dewa angin wétan. Euros dipunasosiasiaken kalihan mangsa gugur (musim gugur) lan jawah. Simbolipun punika vas ingkang kuwalik minangka lambang guyuran toya. Euros mapan wonten ing wetan, caket kalihan astana Helios.

Zefiros[besut | besut sumber]

Zefiros, utawi Zefir (basa Yunani: Ζέφυρος, Zéphuros) punika dewa angin kilen. Zerifos dipunasosiasiaken kalihan mangsa semi lan ugi dipunpitadosi mapan wonten gua ing Trakia.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ [1] (id) anemoi (dipunakses tanggal 28 Januari 2013)
  2. ^ Pliny, Natural History iv.35 dan viii.67
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Anemoi&oldid=999736"