YouTube

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
YouTube, LLC
Tipe Anak perusahaan saka Google
Madeg 15 Februari 2005
Kantor pusat San Bruno, Kalifornia, Amérika Sarékat
Tokoh penting Steve Chen, Pendhiri & CTO
Chad Hurley, Pendiri & CEO
Jawed Karim, Pendhiri lan Penasehat
Pemilik Google Inc.
Slogan Broadcast Yourself
Situs resmi YouTube.com
Status aktif

YouTube iku sawijining situs web video sharing (silih ijol video) populèr kang diadegaké wulan Februari 2005 déning wong telu tilas karyawan PayPal: Chad Hurley, Steve Chen, lan Jawed Karim. Miturut prusahaan panelitèn Internet Hitwise, ing sasi Mèi 2006 YouTube nduwèni pangsa pasar kang gedhéné 43 persèn.[1] Para panganggo bisatngamot, nonton, lan silih ijol klip video sacara gratis. Umumé video-video ing YouTube iku arupa klip musik (video klip), film, TV, sarta video gawéan para panganggo dhéw. Format kang dipigunakaké video-video ing YouTube ya iku .flv kang bisa diputer ing panjelajah web kang nduwèni plugin Flash Player.

Ing tanggal 9 Oktober 2006 diumumaké yèn YouTube wis dituku déning Google kanthi rega US$1,65 miliar.[2] Ig wiwitan sasi April 2008 sawetara ISP Indonésia nutup aksès menyang sawetara situs web kalebu YouTube amarga ngamot film Fitna. Wiwitané pamblokiran arupa pemblokiran penuh marang kabèh situs web, nanging banjur diowahi dadi pamblokiran marang URL tinamtu kang ngamot video kasebut waé.

Referensi[besut | besut sumber]

  1. ^ "Hitwise Data Shows Overall Visits to Video Search Sites Up 164%", diaksès 10 Oktober 2006
  2. ^ CNN, "Google to buy YouTube for $1.65 billion", diaksès 10 Oktober 2006

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=YouTube&oldid=1057627"