Uskup

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Mgr. Johann Otto von Gemmingen, (Pangeran-Uskup saking Augsburg).

Uskup punika pimpinan Gréja ingkang wonten ing Keuskupan lan arupi bagéyan saking hierarki Gréja Katulik Roma sasampunipun Sri Paus (Uskup Agung Roma) lan Kardinal. Salebetipun kalenggahanipun punika, Uskup asring dipunsebat minangka panggantos saking para rasul Kristus. Saben Uskup, amargi tahbisanipun, langsung dados bagéyan saking jajaran para Uskup sa-donya (Collegium Episcopale) ing saandhaping pimpinan Sri Paus lan kagungan tanggel waler dhumateng sadaya Gréja Katulik (Paroki) ingkang wonten ing salebetipun wewengkon Keuskupan-nipun. Salebetipun Gréja, kalenggahan Uskup asifat salawasipun gesang lan dipunangkat déning Tahta Suci (The Holy See) ing Vatikan, Roma.

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Uskup&oldid=1089852"