Mauritius

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Republic of Mauritius
République de Maurice
Gendéra Lambang nagara
Motto: Stella Clavisque Maris Indici
(Latin: "Bintang lan Kunci Samudra Hindia")
Antem: Motherland
Kutha krajan
lan paling gedhé
Port Louis
Basa resmi Inggris, Perancis, Kreol
Papréntahan Dhémokrasi parlementer
Kamardikan
 •  Banyu (%) 0,05%
Cacah jiwa
 •  Rantaman 2006 1.211.308 (149)
 •  Cacah sirah - -
GDP  (PPP) Rantaman 2005
 •  Gunggung US$14,93 miliar (120)
 •  Per kapita US$12.215 (54)
Valuta Rupee (MUR)
Zona wektu (UTC+4)
 •  Mangsa Panas (DST)  (UTC+4)
Kodhé bèl 230
TLD Internèt .mu

Républik Mauritius iku nagara kapuloan ing kidul-kulon Samudra Hindia, watara 900 km sisih wétan Madagaskar. Saliyané Pulo Mauritius, nagara iki uga nyakup Kapuloan Cargados Carajos, Rodrigues lan Kapuloan Agalega. Mauritius klebu jroning Kapuloan Mascarene, karo Pulo Reunion duwèké Perancis 200 km sisih kidul-kulon Mauritius.

Sajarah[besut | besut sumber]

Pulo Mauritius ditemokaké déning bangsa Portugal taun 1505, lan pisanan dijajah déning Walanda taun 1638. Walanda njenengaké "Mauritius" kanggo mèngeti Pangeran Maurice saka Nassau. Perancis nguwasani pulo iku jroning abad ka-18 nuli njenengaké Ile de France. Mauritius sabanjuré dikuwasani déning Britania Raya taun 1810 lan dibalèkaké menyang jeneng asalé.

Kamardikan direngkuh taun 1968 kanthi pamaréntahan republik kang klebu jroning kumpulan Persemakmuran taun 1992. Mauritius minangka nagara dhémokrasi kang relatif stabil kanthi pemilihan umum reguler lan cathetan hak asasi manusia kang baik. Aliran investasi mancanagara menyang Mauritus cukup akèh, dadi salah siji nagara kanthi pendapatan per kapita paling dhuwur ing Afrika.

Pulitik[besut | besut sumber]

Kepala nagara Mauritius ya iku Presiden kanthi mangsa jabatan limang taun kang dipilih déning Majelis Nasional, parlemen unikameral Mauritius. Saka total 66 anggota parlemen, 62 wong dipilih liwat kasil swara paling akèh lan 4 liyané dipilih kanggo makili etnik minoritas, gumantung marang kasil pemilu. Parlemen dipimpin déning Perdana Mentri lan sawetara mentri.

Pamérangan administratif[besut | besut sumber]

Pulo Mauritius kapérang dadi 9 dhistrik:

Katelu pulo ing ngisor iki minangka dependensi duwèké Mauritius:

Delengen uga[besut | besut sumber]

Pranala jaba[besut | besut sumber]


Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Mauritius&oldid=1052657"