Piala FA

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Piala FA
The FA Cup Trophy in 2008.jpg
Dibentuk 1871
Wilayah  Inggris
Gunggung tim 758 (2012–13)
Juwara bertahan Wigan Athletic (gelar petama)
Klub paling suksès Manchester United (11 gelar)
Stasiun televisi penyiar ITV
ESPN
Situs web Situs resmi
Soccerball current event.svg Piala FA 2013–14

The Football Association Challenge Cup, utawi ingkang asring dipunsebat Piala FA, inggih punika kompetisi bal-balan ingkang ngginakaken sistem gugur ingkang dipunwontenaken saben taun ing Inggris. Kompetisi punika dados kompetisi ingkang paling sepuh ing donya.[1] Kompetisi punika dipunwastani ugi dipunwontenaken déning 'The Football Association|Asosiasi Sepak Bola Inggris (FA) ingkang dados pesertanipun tim-tim bal-balan ing Inggris ingkang jaler, dene ingkang wanita ugi dipunwontenaken, ananging kanthi sebatan ingkang benten.

Piala FA ingkang pisanan dipunwontenaken ing warsa 1871-72. Turnamen punika kangge sadaya tim ingkang ndherek Liga Primer, Football League, Football Conference lan tim-tim ing Step 3-5 sarta tim-tim Step 6 ingkang kapilih saking Sistem Liga Nasional[2].

Kompetisi pisanan[besut | besut sumber]

KOmpetisi punika dipunwiwiti ing warsa 1871-1872, lan namung wonten 17 tim ingkang dherek. Wanderers, tim ingkang dipunsengkuyung déning tiyang-tiyang sekolah negeri lan dipunisi pemain saking universitas, dados juwara. Ing final, Wanderers ngalahake Kennington Oval, 1-0. Ing bal-balan iku dipun pirsani 2.000 tiyang, ingkang nyetak gol Wanderers inggih punika Morton Betts.

Piala[besut | besut sumber]

Piala kang diangkat Betts lan kanca-kanca wujudipun langkung alit saking piala ingkang sapunika. Piala kasebut rancanganipun Messrs, Martin and Hall Co, lan reginipun 20 poundsterling.

Warsa 1895, nalika Aston Villa dados juwara kompetisi punika, trofi kasebut ical nalika dipajang ing Birmingham. Ngantos sapunika, piala asli kasebut dereng dipuntemokake.

Stadion Wembley[besut | besut sumber]

Wiwit warsa 1923, final Piala FA diwontenaken ing Stadion Wembley. Stadion punika dipunpilih awit pangarsanipun Duke of York, ingkang dados Raja George VI. Stadion ingkang dados pralambang bal-balan ing Inggris punika dipunbangun kanthi nelasake prabeya 750.000 poundsterling.

Tim ingkang pisanan ngginakaken stadion punika ing final Piala FA inggih punika Bolton Wanderers lan West Ham United. Final punika kacathet ing sujarah, amargi cacahipun suporter ngantos 200.000 suporter, ngantos dumugi ing pinggir lapangan.

Warsa 2001-2006, Stadion Wembley direnovasi lan final Piala FA dipunpindhah ing Stadion Millennium, Cardiff. Wiwit warsa 2007, Piala FA finalipun wangsul malih ing Stadion Wembley. Final punika antarane Chelsea kaliyan Manchester United.

Menawi final ing Wembley warsa 1923 dados final ingkang suprteripun paling kathah, menawi ing bal-balan Aldershot Town nalika warsa 1986 dados bal-balan ingkang paling kedhik suporteripun. Wekdal punika mungsuhipun Oxford United ingkang namung dipunpirsani 2.034 suporter.

Rekor dan Final[besut | besut sumber]

Sadangunipun sujarah, rekor gol ingkang paling kathah dipuncepeng déning Nottingham Forest. Rekor punika kacathet ing warsa 1890-1891 nalika ngalahake Clapton, 14-0.

Rekor rata-rata pemain paling sepuh dipuncepeng déning Arsenal. "The Gunners" wekdal final punika dipunsengkuyung para pemain ingkang yuswanipun rata-rata 31 taun ing tim inti, kasil ngalahake Liverpool ing warsa 1950.

Ngantos sapunika warsa 2013, Manchester United dados tim ingkang saged juwara paling kathah, inggih 11 gelar.

Awit warsa 1872, wonten 12 tim ingkang ngantos final, ananging boten nate menang. Tim punika kadosta Bristol City, Birmingham City, Leicester City, Luton Town, Fulham, Queens Park Rangers, Brighton & Hove Albion, Watford, Crystal Palace, Middlesbrough, lan Millwall. Dene, Leicester City sampun kaping sekawan mlebet ing final (warsa 1949, 1961, 1963, dan 1969), lan dereng nate menang.

Salah setunggal final ingkang sae , kadadosan wonten 3 gol ing injury time. Kadadosan punika wonten ing warsa 1979, punika wekdal Arsenal ngalahake Manchester United 3-2. Ing babak pisan Arsenal menang 1-0, banjur ditambah dados 2-0 ing babak kalih. Nanging ing tambahan wekdal 2 menit ing pungkasan, Manchester United saged ngimbangi dados 2-2, lajeng Alan Sunderland damel gol ing setunggal menit pungkasan lan beta Arsenal menang.

Final warsa 2006, nalika Liverpool ngalahake West Ham ing adupinalti, dipunanggep dados final paling sae. Wekdal punika Liverpool ingkang dados favorit juwara kalah rumiyen saderenge mlebet ing injury time babak kalih Steven Gerrard saged ndamel imbang. Nanging "The Reds" ing pungkasane babak tambahan dados imbang 3-3. Liverpool menang saking.

Juwara Piala FA[besut | besut sumber]

Jumlah juara Klub
11 Manchester United
10 Arsenal
8 Tottenham Hotspur
7 Liverpool, Aston Villa, Chelsea
6 Newcastle United, Blackburn Rovers
5 Manchester City, Everton, West Bromwich Albion, Wanderers
4 Bolton Wanderers, Sheffield United, Wolverhampton Wanderers,
3 Sheffield Wednesday, West Ham United
2 Bury, Nottingham Forrest, Old Etonians, Preston North End, Sunderland, Portsmouth
1 Barnsley, Blackburn Olympic, Blackpool, Bradford City, Burnley, Cardiff City, Charlton Athletic, Clapham Rovers, Coventry City, Derby County, Huddersfield Town, Ipswich Town, Leeds United, Notts County, Old Carthusians, Oxford University, Royal Engineers, Southampton, Wigan Athletic, Wimbledon

Catatan: Tim yang ditulis miring sudah tidak ada.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ "FA Cup on ESPN". espn.com.au. Dijupuk 30 Agustus 2012.  Priksa gandra date ing: |access-date= (pitulung)
  2. ^ "FA Competition Applications - Season 2012-13". TheFA.com. Dijupuk 30 Agustus 2012.  Priksa gandra date ing: |access-date= (pitulung)
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Piala_FA&oldid=1013873"