Kairo

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Kairo
القـــاهـــرة
Kairo 001.jpg
Flag of Kairo
Flag
Coordinates: 30°03′N 31°22′E / 30.050°N 31.367°E / 30.050; 31.367
Government
 • Gubernur Dr. Abdul Azim Wazir
Cacah jiwa (2006)
 • City 15,907,000
 • Kutha 8.250.000
 • Métro 17,856,000 [1]
EET (UTC+2)
 • Mangsa Panas (DST) EEST (UTC+3)
Sana jaringan http://www.cairo.gov.eg/C15/C8/EHome/default.aspx
Kairo ing Mesir.

Kairo, ing basa Arab: "القاهرة", lan dialihaksarakaké kaya al-Qāhirah, iku kutha krajan Mesir.

Tlatah Kairo Raya nduwé padunung kurang luwih 16 yuta jiwa. .[1] Kairo iku kutha metropolitan kang paling akèh padunungé nomer 16 ing donya, lan paling akèh nomer siji ing Afrika.[2] Kutha iki siji-sijiné kutha Afrika sing nduwé sistim metro. Déning warga lokal, kutha iki diarani Misr utawa Masr, jeneng nagara iki.

Kutha Kairo ditemokaké taun 969 minangka tlatah Kalifah Fatimid, lan kutha krajan ékonomi lan administratif kang sabeneré ya iku kutha ing sacedhaké: Fustat. Sawisé Fustat ambruk ing taun 1168/1169, kanggo nyegah supaya ora karebut déning para Satriya Perang Salib Kristen Éropah (Crusaders), kutha krajan administratif Mesir banjur dialihaké menyang Kairo nagnti saiki.

Sajarah Kairo[besut | besut sumber]

Al-Fostat, ditemokaké taun 751 cedhak kutha-kutha Mesir liyané, klebu kutha krajan lawas Memphis, Heliopolis, Giza lan bèntèng Byzantine ing Babylon-ing-Mesir. Fustat sakjané dibangun minangka kutha anyar kanggo garnisun militer pasukan Arab lan minangka lokasi pusat kang paling cedhak saka Arabia kang bisa diaksèd liwat Kali Nil. Fustat dadi pusat regional Islam jroning periode Umayyad lan panggonan pungkasan pemimpin Umayyad, Marwan II, ngadhepi kaum Abbasid. Sabanjuré, jroning jaman Fatimid, Al-Qahira (Kairo) ing sa-lor-é Fustat, sacara resmi didadèkaké kutha krajan ing taun 969. Atusan taun, Kairo tuwuh lan nyerep kutha-kutha lokal liyané kayadéné Fustat, nanging taun 969 dianggep "taun madeg" minangka kutha modhèrn.[3]

Ing taun [[1250[]], para tentara budhak Mamluks nguwasani Mesir lan mimpin saka kutha krajan Kairo nganti taun 1517, ya iku nalika dikalahaké déning Ottoman. Tentara Napoleon saka Prancis tau nguwasani Mesir sedhéla, ya iku taun 1798 nganti 1801, sawisé iku perwira Ottoman, Muhammad Ali ndadèkaké Kairo kutha krajan Karajaan mandhiri wiwit taun 1805 nganti 1882. Kutha iki sabanjuré tiba ing panguwasané Inggris nganti Mesir mardika ing taun 1922.

Geografi[besut | besut sumber]

Kairo dumunung ing gisik lan pulo (dhèlta) Kali Nil ing Mesir sisih lor, sakidulé titik pamisahan Kali Nil ninggalaké tlatah ara-ara lan pecah dadi loro.

Pérangan kutha lawas dumunung ing sisih wétan kali. Saka kana, kutha iki nyebar mangulon, ngubengi tlatah tetanèn ing gisiking Kali Nil. Tlatah sisih kulon iki, dibangun niru kutha Paris déning Ismail Agung ing tengahan abad ka-19, ditandhani anané

Kutha kembar[besut | besut sumber]

Wacan terusan[besut | besut sumber]

Referensi[besut | besut sumber]

  1. ^ Demographia.com.
  2. ^ Tantangan tuwuhing padunung ing kutha Kairo.
  3. ^ Irene Beeson (September/October 1969). "Cairo, a Millennial". Saudi Aramco World. kk. 24, 26–30. Dijupuk 2007-08-09.  Priksa gandra date ing: |date= (pitulung)

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Wikiplesir duwé panuntun plesir ngenani Cairo.


Sing mengku  sadurungé:
Fustat
Kutha krajan Mesir
1169 - saiki
Diganti déning:
--


Pranala jaba[besut | besut sumber]

Cithakan:Distrik ing Kairo Cithakan:Situs Warisan Donya ing Mesir Cithakan:Kutha krajan ing Liga Arab

Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.


Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Kairo&oldid=1056164"