Méristem Primèr

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Méristème couches.png

Méristem primér iku jaringan nom kang asalé saka sél-sél inisial kang kasebut proméristem. [1] Didhasaraké mara téoriné Haberlandt, proméristem iku bakal dadi protodherm, prokambium lan méristem dhasar. [1] Protodherm iku bakal dadi jaringan épidhérmis, prokambium iku bakal dadi sistem jaringan pengangkut, lan méristem dhasar iku bakal dadi parénkim utawa jaringan dhasar. [1] [2] Méristem kang ana ing pucuk oyod lan pucuk pang tanduran. [2] Miturut Hanstein, ing bagéyan pucuk oyod iku dibagi dadi telu yaiku:

Méristem kang ana ing pucuk pang wit itu miturrut Schmidt dibagi dadi loro, yaiku:

  • Korpus, bagéyan iki iku pusat saka titik thukul kang duwé aréa kang amba lan sél-sélé iku rélatif gedhé. Sél-sél ing bagéyan korpus iki bakal mbelah, mbelahé ora beraturan. [2]
  • Tunika, tunika iku bagéyan kang ana ing lapisan paling jaba saka titik thukul. [2] Tunika iku kasusun saka siji utawa luwih lapis sél. [2] Sél-sél kang rélatif cilik iki bakal ngalami pembelahan mara samping (pinggir) [2]

Cathetan Suku[sunting | Owah sumber]

  1. ^ a b c (id)(Lestari, E.S., Kistinnah I.(2009)." Biologi 2 : Makhluk Hidup dan Lingkungannya Untuk SMA/MAKelas XI (BSE)".Jakarta:Pusat Perbukuan, Depdiknas. Hal.34)
  2. ^ a b c d e f g h i (id)(Lestari, E.S., Kistinnah I.(2009)." Biologi 2 : Makhluk Hidup dan Lingkungannya Untuk SMA/MAKelas XI (BSE)".Jakarta:Pusat Perbukuan, Depdiknas. Hal.35)
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Méristem_Primèr&oldid=831924"